2.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan
saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan
kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa
lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa
dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
3.
Andaka atawan wisaya = wong kang kena
prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
4.
Andaka ina tan wrin upaya = wong kang
didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
5.
Awak pendhek budi ciblek = wong cilik
tur asor bebudene
6.
Abag-abang lambe = guneme mung lamis
7.
Adol lenga kari busik = dum dum barang,
nanging sing andum ora oleh bagean
8.
Akadang saksi = wong prakaran akeh
sadulure kang dadi seksine
9.
Ana bapang sumimpang = nyingkiri
sakehing bebaya
10.
Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
11.
Angin silem ing warih = tumindak ala
kanthi sesidheman
12.
Angon kosok = ngreti ulah kridhaning
wong liya lan bisa empan papan tumindake
13.
Asor kilang munggwing gelas = gunem
manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
14.
Adhang-adhang tetese embung = nJagakake
barang mung sakoleh-olehe
15.
Aji godhong garing = wis ora ana ajine
(asor banget)
16.
Ana adulate ora ana begjane = arep nemu
kabegjan, ning ora sida
17.
Ana gula ana semut = panggonan sing akeh
rejekine, mesti akeh sing nekani.
18.
Anggenthong umos = wong kang ora bisa
nyimpen wewadi.
19.
Angon mangsa = golek wektu kang prayoga
kanggo tumindak.
20.
Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake
kaanan, yen limpe banjur dicolong
21.
Arep jamure emoh watange = gelem
kepenake ora gelem rekasane
22.
Asu belang kalung wang = wong asor
nanging sugih
23.
Asu gedhe menang kerahe = wong kang
dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
24.
Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas
bojone sadulur tuwa
25.
Ati bengkong oleh oncong = wong duwe
niyat ala oleh dalan
26.
Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri
urusaning liyan
27.
Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa
melu repot amarga tumindake anake
28.
Arep nengkane emoh pulute = gelem
kepenak emoh nglakoni rekasane
29.
Adigang, adigung, adiguna = seneng
ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
30.
Ancik-ancik pucuking eri = tansah was
sumelang
31.
Asu marani gebug = njarag bebaya
32.
Asu rebutan balung = rebutan utawa
padudon sing ora mumpangati
33.
Baladewa ilang gapite = wong gagah kang
ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
34.
Banyu pinerang ora bakal pedhot =
pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
35.
Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa
oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
36.
mBarung sinang = nyela-nyela wong
guneman
37.
mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka
ing kukum utawa angger-angger
38.
mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang
pamarentah
39.
mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang
nagara
40.
mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang
kang durung karuwan wekase
41.
mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri
piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
42.
mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas
tumindak pagawe ala
43.
Bathang lelaku = lunga ijen ngambah
panggonan kang mbebayani
44.
Beras wutah arang bali menyang takere =
barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
45.
mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung
nanging sejatine arep ngrusuhi
46.
Blilu
tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih
pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
47.
Balung tinumpuk = anak loro dimantu
tunggal dina
48.
Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat
dalan kang gawat, ngemu baya pati
49.
Bathang ucap-ucap = wong loro lungan
liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
50.
Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala
oleh dalan
51.
Bung pring petung = bocah kang longgor
(gelis gedhe)
52.
Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong
nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
53.
Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing
bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
54.
Becik ketitik ala ketara = sing becik
bakal tinemu, sing ala bakale ketara
55.
Belo melu seton = bisane mung melu-melu,
ora ngerti sing dikarepake
56.
Mburu uceng kelangan deleg = nguyak
barang sepele kelangan barang sing aji
57.
Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah
nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
58.
Bebek diwuruki nglangi = wong pinter
diwulang mesthi gelis bisa
59.
Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha
dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
60.
Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh
panguwasane
61.
Bramara mangun lingga = wong lanang
gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
62.
Brekithi angkara madu = wong kacilakan
marga barang kang banget dikaremi
63.
Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu,
senengane padha kumpul tanpa ana prelune
64.
Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai
= nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
65.
Carang canthel = ora diajak guneman
nanging melu-melu ngrembug
66.
Car-cor kaya kurang janganan = ngomong
ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
67.
Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi
ora diajak guneman
68.
Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora
jumbuh karo kahanane
69.
Cebol nggayuh lintang = wong duwe
panggayuh kang mokal kecandhake
70.
Cebol nggayuh langit = wong duwe
panjangka kang tanpa ana kawusanane
71.
Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora
imbang kekuwatane
72.
Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong
ala bakal katut ala
73.
Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang
didhisiki anggone rabi dening adhine
74.
Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan
kang luwih saka mesthine
75.
Cobolo mangan teki = wong bodho banget
tur tumindak asor
76.
Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe
kang ora laras karo kaanane
77.
Cumbu laler = wong kang teka lunga
pamanggone
78.
Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan
ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
79.
Cincing-cincing meksa klebus = karepe
ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
80.
Criwis cawis = seneng maido nanging ya
seneng menehi (muruki)
81.
Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah
panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
82.
Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa =
pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
83.
Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo
wong ala bisa melu-melu
84.
Dahwen ati open = nacad nanging
mbenerake wong liya
85.
Digarokake dilukokake = dikongkon
nyambut gawe abot
86.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu
kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
87.
Duka yayah sinipi, jaja bang
mawinga-winga = wong kang nesu banget
88.
Dhandhang
diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab
becik dikandhakkke ala
89.
Derman golek momongan = wong wis akeh
kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
90.
Desa mawa cara negara mawa tata = saben
panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
91.
Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu
moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
92.
Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa
bisa kumecap marga nemu wiring
93.
Dhandhang diunekake kuntul = wong ala
dikira becik
94.
Dhandhang ngelak = wong kang ngajab
patining liyan
95.
Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane
wong becik kaworan wong ala atine
96.
Dhayung oleh kedhung = wong tumandang
gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
97.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana
ngendi papan tansah slamet
98.
Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya
oleh pinwales piala
99.
Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk =
banget ditresnani
100. Dolanan
ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
101. Dudu
berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
102. Durung
cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
103. Dhadhakan
anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
104. Dudutan
lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
105. Durung
ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
106. Durung
pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
107. Duk
sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
108. Diwenehi
ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
109. Dipalangana
mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
110. Dom
sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi
wewadi
111. Eman-eman
ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
112. Embuh
nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu
nglakoni
113. Embat-embat
celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
114. Emprit
abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
115. Enggon
welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
116. Endhas
gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
117. Esuk
dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
118. Emban
cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
119. Entek
amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
120. Entek
jarake = wis entek kasugihane
121. Gajah
alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
122. Gajah
marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
123. ngGajah
elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
124. Gajah
ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
125. Gajah
perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong
cilik sing dadi korban
126. Galuga
sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
127. Gambret
singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang
sing nakokake
128. Gagak
nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
129. Garang
garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
130. Gayuk-gayuk
tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
131.
Gliyak-gliyak
tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa
kelakon
132. Golek
banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
133. Nggutuk
lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
134. Nggenthong
umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
135. Gawe
luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
136. nGGayuh
tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
137. Gecul
ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
138. Gedhang
apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
139. Geguyon
dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
140. Gemblung
jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
141. Gendhon
rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
142. Geni
guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
143. nGgenteni
watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
144. nGgepuk
kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
145. nGgered
ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
146. Giri
lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
147. Golek-golek
ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga
tumindak ala
148. Gondhelan
poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
149. Gotong
mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
150. Greget-greget
suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
151. ngGugat
kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
152. Gumembrang
ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
153. Gumendheng
ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
154. ngGutuk
api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
155. Gupak
pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake
kepenake
156. Glugu
ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
157. Glundhung
semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
158. Gong
lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
159. Idu
geni = sakuni-unine kelakon
160. Idu
didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
161. Iwak
kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
162. Ing
ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana
ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
163. Jer
basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
164. nJabung
alus = ngapusi kanthi tembung manis
165. nJaring
langit = tumindak gawe kang tanpa asil
166. nJaring
angin = tumindak gawe kang tanpa asil
167. Jinjang
api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
168. Jalma
tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
169. Jati
ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
170. Njagakake
endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
171. Njajah
desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
172. Jalma
angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
173. Jamur
tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
174. nJalukan
ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
175. Jaran
kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing
wis tau gawe wedi
176.
Jarit
luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa
ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
177. nJujul
muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah
(kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
178. nJunjung
ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
179. Kaduk
wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
180. Kalah
cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan
orane
181. Karna
binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
182. Kebak
sundukane = wis akeh anggone gawe piala
183. Kebak
sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
184. Kebanjiran
segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
185. Kebat
kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
186. Kebo
bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
187. Kebo
ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki
malah ora ketemu
188. Kebo
lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane
dhewe
189. Kebo
kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
190. Kebo
lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
191. Kebo
nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
192. Kebo
mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
193. Kebo
mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
194. Kecing-kecing
diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
195. Keduwung
nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis
rekasa
196. Kepaten
obor = kelangan aluran pasedulurane
197. Keri
tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
198. Kulak
warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
199. Kumrisik
tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
200. Kuping
budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti
prekarane
201. Kakehan
gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
202. Kaya
banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
203. Kadang
konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
204. Kacang
atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
205. Kacang
mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
206. Kandhang
langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
207. Katepang
ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
208. Katon
cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
209. Kajugrukan
gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
210. Kawuk
ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
211. Kebanjiran
segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
212. Kegedhen
empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
213. Kekudhung
walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
214. Kelacak
kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
215. Kemladhean
ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
216. Kendhit
miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
217. Keplok
ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane
maido ning ora gelem melu cawe-cawe
218. Kerot
ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
219. Kena
iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
220. Kejugrukan
gunung madu = nemu kanugrahan
221. Kethek
saranggon = grombolane wong ala
222.
Kencana
katon wingka = arepa becik disawang ora becik
223. Kendel
ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur
bodho
224. Kenes
ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
225. Kriwikan
dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
226. Kere
munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
227. Kere
nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
228. Kere
menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
229. Kerot
ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
230. Kerubuhan
gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
231. Kesandhung
ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
232. Ketula-tula
ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
233. Kethek
saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
234. Kinjeng
tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
235. Kaleyang
kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah
tetep
236. Klenthing
wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih
ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
237. Kodhok
nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
238. Kongsi
jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
239. Kriwikan
dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
240. Krokot
ing galeng = wong kang mlarat banget
241. Kucing-kucing
diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
242. Kudhi
pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
243. Kudhung
walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa
wong kuwasa
244. Kumenthus
ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
245. Kuntul
diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
246. Kurung
munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
247. Kutuk
nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang
mbebayani
248. Kutuk
marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
249. Kuncung
nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
250. Ladak
kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
251. Lahang
karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
252. Lanang
kemangi = wong lanang kang jirih
253. Lawas-lawas
kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa
oleh pangkat
254. Lebak
ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
255. Ledhang-ledhang
nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
256. Legan
golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
257.
Lambe
satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
258. Lumpuh
ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
259. Lungguh
klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
260. Macan
guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
261. Madu
balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
262. Malang-malang
tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
263. Mancak
wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
264. Mecel
manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
265. Mendhak
alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran
konangan wong akeh
266. Maju
tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya
kepiye wae nanging ora kasil
267. Matang
tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
268. Mbuwang
tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
269. Meneng
widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
270. Menthung
koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
271. Merangi
tatal = mentahi rembug kang wis mateng
272. Micakake
wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
273. Midak
sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
274. Midak
tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
275. Mirong
kampuh jingga = mbalela marang nagara
276. Mrojol
ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
277. Milih-milih
tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
278. Mikul
dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
279. Mubra-mubru
mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
280. Meneng
kitiran = ora bisa anteng
281. Mbrojol
saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka
bebaya
282. Nabok
nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
283. Naga
mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
284. Ngagar
metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora
mempan
285. Ngajari
bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
286. Ngalasake
Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
287. Ngalem
legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
288. Ngaturake
kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
289.
Nagara
mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
290. Nampel
puluk = mitenah kabegjane wong liya
291. Nandur
wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
292. Nasabi
dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
293. Natas
tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
294. Nebak
wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
295. Nemu
kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
296. Ninggal
bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
297. Nitipake
daging serep = titip anak wadon marang besan
298. Nucuk
ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
299. Nulung
menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
300. Nuntumake
balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
301. Nututi
baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
302. Nututi
kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
303. Ngadu
singating andaka = gawe dukaning panggedhe
304. Ngadhepi
celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
305. Nglungguhi
klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
306. Ngotragake
gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete
wong akeh
307. Nguthik-uthik
macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
308. Nguyahi
segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
309. Nyangoni
kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
310. Nguthik-uthik
macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
311. Nyolong
pethek = luput saka pangira
312. Ngobak
banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
313. Nguyahi
segara = nulung wong sing kecukupan
314. Nandur
pari jero = gawe ngamal kabecikan
315. Nututi
layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
316. Ngaji
mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
317. Ngalem
legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
318. Ngandel
tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
319. Ngantuk
nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
320. Ngangsu
banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
321. Ngaub
ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
322. Nguwod
gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
323. Nguyang
lara nempur pati = njarag marang kacilakan
324. Nguyuh
aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
325. Ngabuk
wong meteng = milara wong kang tanpa daya
326. Ngemping
lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
327. Ngempukake
watu item = nganggep remeh prakara abot
328. Ngemut
legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur
dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
329. Ngenteni
timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
330. Ngetutake
poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
331. Nggepuk
kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
332. Nglancipi
singating andaka = natang wong kang kawasa
333. Nglangi
ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
334. Nglumahake,
ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
335. Ngarebake
sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
336. Ngrampek-ngrampek
kethek = nyanak marang wong ala
337. Ngrangsang-ngrangsang
tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
338. Ngrusak
pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
339. Nrenggiling
api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere
niling-nilingake
340. Numpal
keli = wong lelungan mung nunut kancane
341. Nusup
ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe
wong akeh
342. Nyambung
watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
343. Nyawat
mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
344. Nyeret
pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
345. Nyundhang
bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe
pangawasa
346. Nyunggi
lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
347. Obor
blarak = mung sawetara wae
348. Obah
owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
349. Obah
mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
350. Obah
ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
351. Opor
bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
352. Ora
ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
353. Ora
ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
354. Ora
gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
355. Ora
jaman ora makam = ora genah asal kamulane
356. Ora
mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
357. Ora
ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
358. Ora
polo ora uteg = bodho banget
359. Ora
tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
360. Ora
weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
361. Othak-athik
didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
362. Ora
kingan ora udut = ora mangan apa-apa
363. Ora
uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
364. Palang
mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
365. Pandengan
karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
366. Pandhitane
antake = laire katon suci batine ala
367. Pecruk
tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
368. Pupur
sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
369. Pupur
sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
370. Pinter
keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
371. Pitik
trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang
mubra-mubru pangan
372. Pupur
sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
373. Raga
tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
374. Rupak
jagade = ora duwe papan pasrawungan
375. Rame
ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
376. Ramban-ramban
tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
377. Rawe-rawe
rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
378. Rampek-rampek
kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong
iku
379. Rebut
balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
380. Regem-regem
kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
381.
Renggang
gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
382. Rindhik
asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
383. Rupa
nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
384. Rukun
agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen
padha congkrah mesthi bakal rusak
385. Rubuh-rubuh
gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
386. Sing
salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
387. Sembur-sembur
adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
388. Sadumuk
bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
389. Satru
munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
390. Satu
munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
391. Suduk
gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
392. Sabar
sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
393. Sabaya
pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
394. Sadumuk
bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
395. Sandhing
kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
396. Sandhing
kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
397. Sanggar
waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
398. Sepi
ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
399. Sluman-slumun
slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
400. Sumur
lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen
diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
401. Sadawa-dawane
lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo
kanyatane
402. Sapikul
sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
403. Sendhen
kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
404. Singidan
nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
405. Si
gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
406. Simbar
tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing
gumathok
407. Tebu
tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
408. Tekek
mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
409. Tembang
rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
410. Tulung
menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
411. Tega
larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
412. Tigan
kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
413. Timun
jinara = prakara gampang banget
414. Timun
wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
415. Timun
mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
416. Tuna
satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
417. Tunggal
banyu – tunggal guru
418. Tinggal
glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
419. Tumbak
cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
420. Tumbu
oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
421. Tumper
cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang
diseriki kanca-kancane)
422.
Tunggak
jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe,
turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala
ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
423. Tunggak
kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
424. Tunggak
kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
425. Tunjung
tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
426. Thenguk-thenguk
nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
427. Ucul
saka kudangan = luput karo gegayuhane
428. Ula
marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
429. Ulat
madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
430. Ungak-ungak
pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
431. Ulangan
cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
432.
Uyah
kecemplung segara =
menehi barang sethithik marang wong sugih banget
433. Undhaking
pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
434. Udan
tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
435. Uwod
gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
436. Wastra
bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong
ketula-tula uripe)
437. Watra
lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
438. Wedi
rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
439. Wedhus
diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
440. Weruh
ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang
dikarepake
441. Wiwit
kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti
tuwa)
442. Welsa
tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
443. Waras-wiris
= sehat
444. Wong
wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
445. Wis
kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
446. Yuwana
mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
447. Yitna
yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
448. Yuyu
rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe
wong liya kang ala pakartine
449. Yiyidan
munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
450. Yoga
anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru
1 komentar:
Goblok aku gak mgerti
Posting Komentar