Wavy Tail


Rabu, 24 Desember 2014

Ruwatan Rambut Gimbal, Dicukur ing Candhi Arjuna, Dilarung ing Tlaga Warna



             Dina  kuwi   ewon   cacahe wong saka sawetara tlatah ing Jawa Tengah kaya-kaya tumpleg bleg ngebaki kom­pleks Candhi Arjuna, Desa Dieng Kulon, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjar­negara, Jawa Tengah. Ewonan wong mau kepengin nyekseni ruwatan cukur rambut gimbal kang digelar ing pungkasaning adicara “Dieng Culture Festival 2011” iki. Pesertane ana bocah 7, luwih sethithik manawa kabandhingake karo peserta ru­watan cukur rambut gimbal taun 2010, sing gunggunge nganti bocah 8. Iku laras karo saya sethithike gunggunge bocah rambut gimbal ing tlatah Dieng. Senadyan mangkono acarane ora kalah meriah, malah bisa diarani luwih nges. Sebab pengunjunge uga luwih akeh yen dibandhingake karo taun-taun sadurunge.
              Prosesi rituale cukup dawa lan suwe. Ritual dipurwani sedina sadurunge rambut dicukur, yaiku kanthi nyekar ana ing pesarean kang dumunung ana ing sakiwa tengene Candhi Arjuna lan Candhi Semar. Anggone nyekar ditindakake secara rombongan kang dipandhegani dening Pemangku Adat Dieng Mbah Naryono. Siji mbaka siji pesarean kang ana ing wewengkon kompleks Candhi Arjuna lan Candhi Semar ditekani, diziarahi. Ora mung kuwi, rombongane Mbah Naryono iku uga nekani papan-papan liya sing dianggep keramat wiwit saka Sendhang Maerokoco, Telaga Balekambang nganti tekan Kawah Candradimuka. Lagi ing dina H-ne, para peserta diarak 1 kilometer dohe, wiwit saka omahe pemangku adat tumuju Candhi Arjuna.
              Ananging sadurunge tekan candhi, luwih dhisik peserta di­ampirake ing sapinggire Sendhang Maerokoco lan Sendhang Sedayu. Ing kene para peserta ruwatan didusi banyu tuk pitu kang dumadi saka banyu tuk Sendhang Maerokoco, Bimo Lukar, Buana, Kencen, Sedayu lan liya-liyane. Ana uga wong kang nyebut ritual adus banyu tuk pitu kasebut kanthi sebutan adus jamasan. Ora baen-baen, adus banyu tuk pitu iku nduweni pangerten jero, yaiku dijupuk saka tembung pitu sing diartekake mi­nangka pituduh. Pituduh saka kang Maha Kuwasa.
              Ya sapungkure adus banyu tuk pitu kuwi, para peserta banjur diarak tumuju Candhi Arjuna kanggo nyukur rambut gimbale. Anggone nyukur dipapanake ana ing tlundhakan sangarepe lawang candhi. Sawise iku, diadani kembul bujana andra­wina, dhahar sakabehing uba rampe kang wis dicepakake ing papan kono. Prosesi ditutup kanthi nglarung cukuran rambut gimbal mau ing Tlaga Warna.Miturut Mbah Naryono, kang ora kalah wigatine saka prosesi ritual mau, yaiku barang tebusan panjaluke bocah rambut gimbal sing bakal diruwat lan dicukur. Barang panjaluke si bocah gimbal kudu luwih dhisik disembadani dening wong tuwane sakloron. Kanggo buktine, barange kudu melu digawa lan didelokake marang sok sapa wae sing melu teka ing papan kasebut. Barang kuwi kudu diwujudake lan disekseke marang para rawuh kalebu penonton sadurunge prosesi ritual diwiwiti. “Warga masyarakat kene yakin lan percaya, yen rambute si bocah gimbal bakal thukul maneh, manawa barang penjaluke si bocah ora dituruti. Malah bisa uga bocahe lara-lara­nen,” mangkono pratelane Mbah Naryono.
               Ngrembug perkara panjaluke si bocah rambut gimbal, biasane njaluk barang kang aneh-aneh. Maklum wae wong sing njaluk iku isih bocah cilik, kamangka ora kena diajani karo sing tuwa. Dadi panjaluke ya apa sing dadi kesenengane si bocah utawa apa kang ana ing pikirane si bocah wektu kuwi. Kaya ing acara ruwatan cukur rambut gimbal taun iki, saka bocah cacah pitu sing melu ruwatan, panjaluke bocah siji lan sijine beda-beda. Ana kang aneh, ana sing lucu lan uga ana kang ora tinemu nalar. Contone wae kaya sing dijaluk dening Naisila (4,5) arupa lenga rambut, bal bekel saka karet lan boneka. Peserta liyane Mutoharoh (6) njaluk tempe mentah cacahe 500 iji. Sing ora kalah anehe yaiku panjaluke Dewi Anjani (4), dheweke njaluk endhog 600 iji, tempe mateng 600 iji lan tahu mateng 500 iji. Peserta ruwatan liyane, Suaibatul Asiamiah (6) njaluk ditukokake sepedhah onthel werna jambon. Banjur Maroah (6) njaluk ditukokake anting-anting emas 1 gram, klambi muslim lan sandhal. Nurseli Selina (6) njaluk gesek lan pindhang gunggunge rong kranjang. Sawetara iku peserta sing pung­kasan Fajar (6) njaluk wedhus brengos lan tempe kemul 100 iji.
Description: http://www.panjebarsemangat.co.id/wp-content/uploads/2011/09/07-3-Sadurunge-dicukur-bocah-rambut-gimbal-cacah-7-mau-dilungguhake-jejer.jpg
Sadurunge dicukur bocah rambut gimbal cacah 7 mau dilungguhake jejer
Luwih adoh Mbah Naryono nerangake fenomena rambut gimbal iki mung dumadi ana ing ereng-ereng tlatah Gunung Sin­doro, Sumbing, Perahu, lan Gunung Rogo­jembangan. Gunung papat iku secara administratif lumebu tlatah Kabupaten Ban­jarnegara, Wonosobo, Batang lan Kabu­paten Kendal. Miturut Mbah Naryono, saka crita run tumurun ing tlatah ereng-erenge gunung papat mau, diyakini nganti kapan wae fenomena rambut gimbal mesthi bakal dumadi. Bocah-bocah rambut gimbal iku dipercaya dening warga masyarakat papan kono, mujudake titipan Anak Bajang saka segara kidul. Bocah-bocah rambut gimbal iku titisane Eyang Agung Kaladete (sing lanang-red) lan titisane Nini Dewi Rara Ronce (sing wedok-red). Bocah rambut gimbal miturut kapercayane masyarakat Dieng bakal nuwuhake memala, musibah apa dene kesialan. Mula bocah rambut gimbal kudu diruwat, dicukur rambut gim­bale kanthi laku lan ritual tartamtu. Wiwit saka ngajokake panjaluk, kang kudu di­turuti dening keluargane, dicepaki sesaji, didusi banyu tuk pitu lagi bisa dicukur lan kang pungkasan rambut gimbale dilarung ana ing Tlaga Warna.
             Mbah Naryono uga kandha, bocah ram­but gimbal ora bisa diprediksi sadurunge. Sebab bocah rambut gimbal umume ora thukul wiwit lair, ananging thukul nalika bocah wis ngancik umur 2 taun nganti teka­ne 3 taunan. Rata-rata anggone thukul dibarengi karo panas demam kang ora sabaene. Saben arep thukul rambut gim­bale si bocah ujug-ujug wae awake panas sumelet lan mriang sawetara dina. Kate­rangane Mbah Naryono mau uga dibener­ake dening Ahmad Said (32) wong tuwane Pangeran Gimbal Muhammad Alfarizi Massaid (8) sing seprene durung gelem dicukur iku. Miturut Said, Rizi (mangkono jeneng akrabe Si Pangeran Gimbal-red), nalika lair cenger nganti umur 2 taunan rambute thukul normal. “Ya wiwit Rizi umur 2 taunan kuwi sethithik mbaka sethithik rambute wiwit thukul gimbal. Prosese cukup suwe kok nganti bisa rata gimbal kaya saiki-iki,” mangkono pratelane Said. “Ujug-ujug wae ing sawijining dina Rizi ngalami panas dhuwur banget dibarengi karo kejang-kejang. Wektu semono aku lan sisihanku panik, Rizi banjur tak priksakake menyang dokter ing Puskesmas. Senadyan wis diwenehi obat nanging panase ora mudhun-mudhun. Isih tetep dibarengi kejang-kejang. Nganti tak gawa menyang dokter spesialis anak nanging ajeg Rizi awake panas semelet lan kejang-kejang,” imbuhe.
           “Anehe maneh saben awan panas se­melet, bengine kejang-kejang, esuke ram­bute wiwit thukul gimbal. Ngono sateruse nganti rambute Rizi gimbal kabeh. Kedade­yan kaya ngono mau dialami dening Rizi suwene nganti setaunan,” ujare Said. “Sawise ngerti saka para sesepuh ing tlatah Dieng nek panase si Rizi iku merga rambute arep gimbal, saben awake panas lan kejang-kejang ora tak obatke menyang dokter, sengaja tak jarake ngono wae. Saiki rambute wis rata gimbal kabeh, saengga ora tau kumat panas lan kejang-kejang maneh. Saiki malah awake sehat banget lan kendel. Ya merga gimbale rata kabeh sasirah mula dheweke banjur dijuluki dening wong-wong minangka Pangeran Gimbal. Sebab durung ana bocah sing gimbale rata kaya anakku, rata-rata mung saperangan cilik wae,” imbuhe.
           Pengalaman meh padha uga dialami dening Wahyono (30) wong tuwane bocah rambut gimbal Ahmad Rizal Lutfi (3,5). Nanging ora kaya Rizi, rambut gimbale mung thukul ana ing tengah sirah thok, ora rata sasirah. Saengga rambut liyane isih bisa disisiri. Rizal uga padha karo Rizi, miturut Wahyono wiwit gimbal rambute nalika umure ngancik 2 taun. Thukule uga dibarengi karo mriang, awake panas banget lan kejang-kejang. Mung anehe nek rambut gimbale kuwi nyoba dicukur, bisa dipesthekake bakal lara panas demam. “Aneh, yen aku utawa ibune nyoba nyisir rambut gimbale Rizal, bisa dipesthekake ora let suwe dheweke banjur mriyang, adhem panas. Aku uga ora ngerti kok nganti bisa kaya ngono kuwi, apa sebabe aku ora ngerti tenan. Malah ana wong njaban daerah sing tau aruh-aruh kok anakku rambute digawe gimbal, aku sakal nerangake yen anggone gimbal ora digawe, nanging thukul secara alami,” mangkono katrangane Wahyono.
            Nganti seprene fenomena bocah rambut gimbal ing laladan Gunung Sindoro, Sumbing, Perahu, lan Gunung Rogojembangan isih misterius. Artine durung ana asil panaliten lan kemajuan teknologi kang bisa miyak apa toh jan-jane mono, sing nyebabake bocah-boca kuwi mau rambute malih dadi gimbal secara alami. Ya merga misterius lan unik iku, saiki prosesi ritual ruwatan lan cukur rambut gimbal ing tlatah Dieng sarta sakiwa tengene mau, dadi tujuan wisata budaya sing narik. Acara iki pranyata uga bisa nyedhot tekane wisatawan luwih akeh menyang Dieng. Saengga wisata menyang Dieng ora mung nikmati candhi, tlaga lan kawah. Nanging uga bisa ndelok lumakune prosesi ritual ruwatan lan cukur rambut gimbal.Ramene wisatawan kang teka ing acara prosesi ritual ruwatan lan cukur rambut gimbal ing taun iki, diajab bisa nekakake wisatawan luwih akeh maneh menyang Dieng. Sebab, miturut Dinas Budaya lan Pariwisata (Dinbudpar) Kabupaten Banjarnegara Suyatno, keri-keri iki gunggunge wisatawan kang mlancong menyang Dieng mudhun drastis nganti 80 persen saka kahanan normale. Iku disebabake karana mundhake aktivitas Kawah Timbang awal Juni 2011 kepungkur.

0 komentar:

Posting Komentar