Wavy Tail


Kamis, 08 Januari 2015

RESENSI NOVEL "ING MANILA TRESNAKU KELARA-LARA"



1.             Identitas novel
a.       Irah-irahan novel                           : Ing Manila Tresnaku Kelara-lara
b.      Panyerat                                        : Kushartati Brotodiharjo
c.       Penerbit                                         : Q Publisher
d.      Cetakan saha taun terbit               : Cetakan kaping sepisan, 2011
e.       Kandel buku saha cacahing kaca  : 14X21 cm; 166 kaca
f.       ISBN                                             : 978-602-98256-3-3
g.      Jenis kertas                                    : Kertas HVS warni pethak

2.             Sinopsis
Manila kutha kang lagi dipanggoni kanggo nerusake kuliah S2ne Wara Muherdini utawa Dini. Ing dina iku Dini karo kancane Eni Hariyani utawa Eni lan Dewi Astenia utawa Dewi lagi ana ing toko buku. Ing kono padha golek buku-buku sing disenengi dhewe-dhewe. Sawise wis oleh bukune Dini ngadek ing sandhinge Eni kang lagi antri. Ing kono Dini disentak marang kasir dikon antri. Wah Dini kewirangan banget, terus langsung ngadek ing mburine Eni. Banjur ana wong kang ngomong “Mbak saka Indonesia ya?”, Dini mangsuli “Kok ngerti mas, asli Indonesia juga ya?”. Wong Indonesia iki bisa dititeni, ora disiplin tur srudak-sruduk sambunge wong lanang kuwi. Ing kono Eni lan Dewi kenalan karo bocah bagus kang jeneng Irawan. Nanging Dini ora nggatekake.
Tanggal 17 Agustus ana resepsi pitulasan, dene acara hiburane dipasrahake marang mahasiswa sing nduweni kaprigelan ing bab seni budhaya. Ing acara iku Dini urun tari Solo Klasik yaiku gambyong, dene Eni lan Dewi urun lagu Keroncong Tanah Airku. Hiburan kang wis dipentasake wong telu iku mau gawe Kedubes lan sing nonton nglembana. Bocah telu iku mau padha rangkulan karo nangis amarga bungah atine. Ing kana Irawan uga nyalami bocah wadon iku mau. Awit iku Irawan nduwe pangrasa marang Dini. Nduwe pangarep-arep kang luwih marang dheweke. Ananging Dini wis ana sing ngenteni ing Indonesia kana.
Ana ing SMA Dini lan Riris mlebu jurusan IPA, dene Tohari jurusan Fisika. Dini aktif melu OSIS ing sekolahane. Tohari uga, kamangka sing kepilih dadi ketua OSIS Tohari iku. Saya suwe Dini cerak karo Tohari utawa Hari, ibune Hari uga seneng banget marang Dini. Sawise tamat SMA ibune Hari kepengin mantu, ananging ibune Dini durung setuju. Kamangka umure isih enom lan durung mapan upama wis omah-omah. Amarga ing keluargane Dini iku nduwe tradhisi lan komitmen sing utama ing babagan pendidikan. Pungkasane Dini mlebu Fakultas Psikologi Unair dene Hari mlebu Fakultas Pertanian ing Universitas Udayana ananging iku ing tahun ngarepe meneh. Patang tahun anggone Dini lulus, sinambi nunggu Hari lulus banjur dheweke dadi guru ing Unesa.
Dini lulus TOEFL, banjur oleh beasiswa S2 ing Manila nganti ketemu Irawan kuwi. Atine njahe wana, poyang-payingan. Dheweke kelingan marang Hari kang lagi berjuang ana Bukit Jimbaran kok dheweke malah seneng-seneng nang Manila karo Irawan. Sapa ngira yen bu Siti ibune Irawan iku mbiyen kancanan karo bu Laras ibune Dini. Irawan ngutarakake rasa tresna marang Dini, ananging Dini ngomong menawa dheweke wis ana sing ngenteni ing Indonesia kana. Atine Irawan krasa kelara-lara. Anaging rasa asih Irawan marang Dini ora bakalan ilang.
Dini lulus dhisik saka S2 banjur dheweke mulih ana ing Sidoarjo. Bareng teka ing ngomah, ibune kaget. Surat sing wis dikiremake apa durung teka kok Dini mulih katon biasa-biasa bae. Ibune crita, yen Hari wis omah-omah amarga wingi Hari dipaksa marang bapake supaya ndang rabi sakdurunge bapake iku dipundhut dening sing maha kuwaos. Atine dini lara banget, dheweke ora bisa ngempet eluh kang netesi ing pipine iku. Ananging Dini bisa nrima takdir sing wis digarisake marang Gusti.
Eni lan Dewi telpon ngabari yen wis lulus, banjur ngajaki Dini reuni. Ing reunian iku uga ana Irawan. Dini ora ngira yen Irawan iya melu acara reuni kang wis direncanakake kanca-kancane iku. Ana ing Jakarta, kabeh kuwi mau padha seneng-seneng anggone reunian. Irawan wis ngerti yen Hari iku wis omah-omah marga pepinginane wong tuane. Ing kana Irawan nduwe pangarep-arep marang Dini. Semono uga Dini nduwe rasa tresna marang Irawan. Mula sakbubare acara reunian kuwi mau, Irawan banjur ngajak wong tuane nemuni wong tuane Dini ana ing Sidoarjo. 
Wong tuane Dini lan Irawan seneng banget dina kang ditunggu teka. Resepsi nikahane Dini lan Irawan nganggo adat Jawa lengkap wiwit saka siraman, midodareni, akan nikah banjur resepsine. Kepengine bu Siti klakon nduwe mantu wong Jawa lan ngunakake adat Jawa pisan. Atine seneng banget. Sawise patang tahun, Irawan lan Dini nduwe anak lanang siji. Dini dicritani marang mbak Titin mbake Hari kang ketemu ing mall. Mbak Titin crita yen sisihane Hari iku seda pas lagi nglairake anake Hari. Ing kono Dini lan Irawan nduwe rasa welas marang Hari amarga kejadian iku. Ananging kepiye maneh  garis urip wis diatur marang Gusti, takdire Hari karo sisihane iku mung nganti semono.
3.             Unsur intrinsik novel
a.              Tema        : Percintaan
b.             Wos          : Cariyos ingkang nyariosaken tiyang wadon ingkang tresna saha setya marang gegandulaning ati awit dipunpisahaken kaliyan papan ingkang tebih.
c.              Alur          : Alur ingkang dipunginakaken menika ngangge alur maju saha mundur
d.             Gaya bahasa :
e.              Setting
Ø   Papan          : Setting papan ingkang dipunginakaken inggih menika wonten ing  luar Negeri Filipina, Malaysia saha wonten ing Indonesia
Ø   Wekdal       : Wekdalipun menika gumantung kaliyan cariyos
f.              Penokohan
a.             Dini             :
1.             Tiyang estri ingkang judhes (nanging sejatosipun apik) kapenthik saking petikan kaca 6  ing ngandhap menika :

“Kenalke Mbak, aku Irawan!”
Kepeksa aku ndengengek. Sotoloyo mau jenenge Irawan. Ana wong Malaysia jenenge Irawan? Mantan TKI ayake. Sing disalami dhisit dhewe Dewi, banjur Eni. Aku ethol-ethok ora weruh, enak nyruputi es krim, karo tumungkul. Nanging rikala tangane diacungake ing ngarep irungku aku kepeksa nampani.
“Muherdini!”.

2.             Tiyang estri ingkang pinter kapethik saking petikan kaca 55 ing ngandap menika :

          Salah siji persayaratan lulus kudu duwe nilai TOEFL (Test Of English for Foreign Language, tes basa inggris kanggo wong asing) paling sithik 550. Jebul nang Unesa sing duwe tes TOEFL mung aku, dadi aku menyang Manila.

3.             Tiyang estri ingkang gadhah sipat atos atinipun kapethik saking petikan kaca 34 ing ngandap menika
“Ir kapan awake dhewek mulih?”
“Aku ora mulih!” Ora mengo.
“Ya wis, kariya slamet! Aku takmulih dhisit, ya?”
          Aku ngadek. Masa ta ora bisa tekan yen bali mulih menyang Dilliman dhewe? Sauger ketemu polisi banjur kandha yen kesasar, malah mesthi diterke tekan ngomah. Dumadakan Irawan nyandhet tanganku, dikon bali lungguh.
“Din, mosok kowe ora empati blas, ta?”
“sing weruh mung atiku, Ir. Sumpah!

4.             Tiyan estri ingkang  remen maos buku kapethik saking petikan kaca 1 ing ngandap menika:
          Yen Dewi lan Eni andreng kepengin ngentekake dhuwite ing Land Mark mosok aku ora melu-melu? Mula wusanane aku mung anut grubyug ngono bae, tinimbang nganggur. Sokur ketemu barang kang cocok karo kabutuhan. Dewi lan Eni pada rebut golek troli, aku mung lembeyan. Entheng. Rikala ngliwati pojok buku, aku mlebu. Sawise lingak-linguk, aku nemokake buku David Obsorne lan Ted Gaebler, “Reinventing Government”, banjur siji meneh “Quality for Higher Education’s Principal Challenge” kanthi Editor Thomas M. Staufer.
5.             Tiyamg estri ingkang  apa anane kapethik saking petikan kaca 79 ing ngandap menika:

“Ana apa, Mbak?”
“Yen ngresiki aka kang ndhuwur mangisor mbak, tapi diwalik, seka janggut munggah”
“Ora bisa Mbak. Padatane  ya ngene!”
“Ya wis yen ora bisa. Cukup semene bae!”

b.             Irawan         :
1.             Tiyang jaler ingkang pinter kapethik saking petikan kaca 7 ing ngandap menika:

“Katone kok ngono. Jurusan apa nang UP?”
“Manajemen Pendidikan! Lha Mas Ir?”
“Wo bu Dosen ta? Aku Jurusan Sosiologi Politik!”
“Lha Mas Irawan dhewe ya esih enom wis njupuk program Doktor ngono lho!”

2.             Tiyang jaler ingkang cerdik kapethik saking petikan kaca 69 ing ngandap menika:
“Din, upama suk mantene kesit, kono dakjak nekani, ngono piye?”
“He?” aku njumbul, mendelik. Yagene sajroning uripku sering manoni lelakon, pitakonan utawa kedadeyan kang ngeget-gegeti? Lire ora dak kira sedulurunge. Kelingan Nyak, kelingan ibune Ilham.
“Tenan ta, kowe mesthi kaget!”
“Nggonku ora kaget piye, Ir? Coba ta, terus statusku apa? Pacarmu ya dudu, dulur, ya ora! Lha yen kanca, mesthine Dewi lan Eni uga diundang!
“Ana ide, Din!”
“Apa?”
“Mengko dakkenalke yen kowe putrine sobate ibu seka Indonesia, teka makili ibumu. Apik ta?

3.             Tiyang jaler ingkang prihatos marang kanca kapethik saking petikan kaca ing ngandap menika
Teka asrama kira-kira wis jam sewelas. Naliak aku wis mudun, Irawan mbuka jok mburi mobile, ngetokake note book. Dicangking tangen tengen, tangan kiwane ngangkat tasku kang isi buku.
“Arep ngentry ana kene, ta, Ir?” pitakon kang o’on meneh.
“Ya ora ta, wis yah wene, je!” gawenen cah telu, ben ra usah menyang rental, terus grumutan bengi-bengi. Aja kuwatir iki wekku pribadi, dudu inventaris dines. Sesuk dakgawakke printere.”

4.             Tiyang jaleng ingkang remen tulung tinulung kapethik saking petikan kaca 11 ing ngandap menika:
“Manggon ana ngendi, ta?”
“Asrama mahasiswa, Diliman!”
Cedhak karo omahku. Ayo bareng bae!”
Aku mlongo. Dewi lan Eni kok enak bae nampa pitulungane Irawan tanpa takon panemuku, ora ngajak petung komandan peleton.

5.             Tiyang jaler ingkang apikan kapethik saking petikan kaca 60 ing ngandap menika:

Aku api-api ora weruh meneh. Irawan ngulungake kothake marang aku.
“Seka Ibuku!”
“Apa Ir?”
“Bukakem!”
Kothahk daktampani, lan dakwaspadakake, ana tulisane, “kanggo pawestri telu seka Indonesia kang ayu-ayu!”

6.             Tiyang jaler ingkang sekedhik atos atinipun kapethik saking petikan kaca 34 ing ngandap menika:

“Ora apa-apa, Din! Pancen durung jodohku! Ning yen kowe pancen diparingke Pangeran Kanggo aku, Mesthine ora kurang Dalan. Dakkandhani, Din, Salawase uripku lagi ping pindho aku kasmaran.  Sing sepisan kanca kuliah. Nalika daktinggal sekolah nang Sorbone dheweke dipeksa ikah karo priya pilihane wong tuane. Sing kepindho karo wong nita sing ketemu ana Land Mark.

c.             Eni  : Kancanipun Dini ingkang sekedhil urik (jail), apikan saha pinter kapethik saking petikan kaca 111 ing ngandap menika:
Mbak Dini, mbakyuku kang banget dakkasihi, apuranen kaluputane adhi-adhimu kang nakal iki,
Sapisan ,
Ana nawala kang teka nalika Mbak Dini lagi bae lunga nanging ora dikirim bali,
Kapindho,
Naluri manungsa kang paling utama, Mbak
Kepengin weruh isining warta
Pranyata nawala kebak dhuhkita
Bapak Mas Hari seda
Lan Mas Hari kang cidra ing ubaya
O, Mbak, laying dakambungi,
Mas Irawan age dakaturi wewadi iki
Satemah semangat sinaune makantar-kantar
Kamangka maune nglokro tanpa daya
Lulus lewih cepet
Awit enggall kepingin ketemu
Wanita ayu woting ati,
Ora liya Wara Muherdini
d.    Dewi   : Kancanipun  Dini ingkang urik ugi, apikan, remen tulung tinulung kapethik saking petikan kaca 111 ing ngandap menika:
Mbak Dini, mbakyuku kang banget dakkasihi, apuranen kaluputane adhi-adhimu kang nakal iki,
Sapisan ,
Ana nawala kang teka nalika Mbak Dini lagi bae lunga nanging ora dikirim bali,
Kapindho,
Naluri manungsa kang paling utama, Mbak
Kepengin weruh isining warta
Pranyata nawala kebak dhuhkita
Bapak Mas Hari seda
Lan Mas Hari kang cidra ing ubaya
O, Mbak, laying dakambungi,
Mas Irawan age dakaturi wewadi iki
Satemah semangat sinaune makantar-kantar
Kamangka maune nglokro tanpa daya
Lulus lewih cepet
Awit enggall kepingin ketemu
Wanita ayu woting ati,
Ora liya Wara Muherdini

e.     Hari                 : Pacaripun Dini ingkang setya, manut dhateng tiyang sepuhipun kapethik saking petikan kaca 98 lan 99 ing ngandap menika:

“Bapake Hari nggone seda kapan, Bu?”
“Rong wulan kepungkur, nanging ana bab wigati sing magepok karo kowe.”
“Bab?”
“Sewulan sakdurunge  bapake katimbalan, Hari diundang mulih. Wose, sadurunge katimbalan, dheweke kepingin weruh Hari wi omah-omah.”
“Wis, ta, Bu, langsung bae menyang inti persoalan, Aku siap, kok, ngrungu pawarta nadyan kang paling ala. Pungkasane, Hari dinikahake, ngono ta?

f.     Bu Laras          :  Ibunipun Dini ingkang wicaksana kapethik saking petikan kaca 51 ing ngandap menika:

Meneng sedhela.
“Kowe wis mikir ngono Din?”
“Uwis! Ning aku rak ya ora wani spontan mangsuli. Beres ngeri aku, Bu, umurku isih 18 taun bae durung ganep, mosok arep disrimpung sikilku!”
“Wis, saiki pikiren kanthi sareh, kabeh gumantung marang panimbangmu dhewe!”

g.    Bu Siti : Ibunipun Irawan ingkang apikan nanging sekedhik atos atinipun kapethik saking petikan kaca 60 ing ngandap menika:

Aku api-api ora weruh meneh. Irawan ngulungake kothake marang aku.
“Seka Ibuku!”
“Apa Ir?”
“Bukakem!”
Kothahk daktampani, lan dakwaspadakake, ana tulisane, “kanggo pawestri telu seka Indonesia kang ayu-ayu!”

g.             Lelewaning basa
          Wonten ing novel menika wonten bebasanipun, inggih menika :
1.    Jebul janma tan kena kinira
2.    Dudu sanak dudu kadang
3.    Jembar segaramu
4.    Longgar dhadhamu
5.    Mikul dhawet rengeng-rengeng
h.             Amanat
Ø   Wonten ing gesang menika kedah percaya dhumateng Gusti awit jodoh, rejeki, saha tekaning pati. Minangka manungsa menika namung saged usaha, sanesipun gumantung Gusti ingkang gadhah kuwasa.
Ø   Dados tiyang Jawi menika langkung saenipun nindakaken tradisi-tradisi utawi budaya ingkang kedahipun taksih dipunlampahi wonten ing jaman samenika. Kados ta siraman saha midodareni amargi seiring berkembangnya jaman tradisi menika sampun wiwit ical.
i.               Sudut pandang     : Sudut pandang ingkang diginakaken inggih menika sudut pandang wong kapisan pelaku utama.

4.             Format novel          :
Wujud novel menika standart, ginakaken kertas HVS warni pethak. Hurupipun ginakaken times new roman. Cover-ipun menika werni dhasar coklat sarta wonten gambaripun tiyang kakung saha tiyang estri. Wonten sekar teratai ugi wonten ing cover satemah dadosaken novel menika katon endah.
5.             Kaluwihan saha Kekirangan Novel
a.              Kaluwihan novel
Ø Basa ingkang dipunginakaken menika gampil dipunmangertosi.
Ø Tembung-tembungipun ingkang dipunginakaken sampun trep (cetha saha singkat).
Ø Panganggening tembung sarta ukara sae, sarta wonten bebasanipun ing salebeting novel satemah damel pamaos boten bosen anggenipun maos.
Ø Wonten ukara utawi pacelathon ingkang lucu, satemah dadosaken cariyos menika boten monoton.
Ø Cover ngajeng sae kanthi latar werni coklat.
b.             Kekirangan novel
Ø Boten dipuncantumaken kandeling novel, satemah nyebabaken pamaos boten mangertosi pinten senti kandelipun. Menawi badhe ngresensi, pamaos kedah ngukur piyambak kandel novel menika.
Ø Panyeratan tembung wonten sekedhik ingkang lepat, tuladhanipun tembung “dahar” ingkang leres inggih menika “dhahar”.
Ø Boten wonten sinopsisipun wonten ing cover wingking, satemah buku ingkang dipunadol menika wujudipun taksih dipunsegel. Pamaos boten tamtu tertarik dening novel menika. Dados, langkung saenipun bilih dipunsukani sinopsis supados pamaos sekedhik mangertosi kados pundi cariyosipun.

6.             Jati diri penulis
Panyerat miyos tanggal 20 Mei 1948. Dipunwiwiti saking nyerat cariyos bocah wonten ing Harian Suara Rakyat Surabaya (1962), nalika beliau taksih kelas 2 SMP 1 Kedhiri. Dipunlajengaken nyerat opini wonten ing koran Minggu Pagi (Jogja). Wiwit taun 1968, nalika taksih mahasiswa, nyerat cerkak wonten ing Penyebar Semangat kanthi irah-irahan Inagurasi. Salajengipun nyerat fiksi arupi cerkak wonten ing Majalah Selecta Group, ingkang asalipun saking Selecta, Detective dan Romantika, Senang dan Ideal, dumugi taun 1974. Taun 1975 ibu Kus menika pikantuk juara II Lomba nyerat cerkak basa Jawa se-Indonesia ingkang dipunadani dening Dewan Kesenian Surabaya (DKS). Ibu Kus ugi nate nyerat cerkak wonten ing Femina (1979). Taun 1982 piyambakipun nyerat cariyos sambung kanthi irah-irahan Intan, saha dipunmuat wonten ing Harian Memorandum (Surabaya)
Sasampunipun beliau kagungan putra saha dados pegawai negeri sipil (PNS), wiwit taun 1981. Ibu Kus ugi nyerat opini utawi artikel ilmiah populer ingkang gayut kaliyan kuwajibanipun saben dinten wonten ing Kanwil Depdikbud Propinsi Jawa Timur wonten ing Surabaya. Ingkang dipunserat beliau menika ngenani bab-bab ingkang gayut kaliyan donya pendidikan, anak-anak, bab sosial saha psikologi ingkang nyebar wonten ing Surabaya Post (lami), Kompas Nasional dan Jawa Timur, Suara Pembaruan, Jawa Pos, Surya, Surabaya News, saha Surabaya Post (enggal).
Kasunyatanipun catetan bab kawontenan nyerat fiksi menika boten tetep. Ananging taun 1980 beliau taksih nyerat cariyos anak wonten ing Jaya Baya kanthi nama samaran Ibune Pandhu. Sasampunipun pensiun, pepinginan nyerat fiksi menika saged njumbuhaken raos kangge gladhen ngetik mawi keyboard komputer.  Mila wonten kalih novel ingkang dipunmuat ing Harian Surabaya Post: Kuambil Kembali Milikku (taun 2004) saha Sumur Tanpa Dasar ingkang dipunmuat awit saking 9 Agustus 2005 dumugi 28 Oktober 2005. Kajawi menika, wonten novel sanes  ingkang badhe dipunandharaken malih dening LKS Yogya.
Piyambakipun ngandharaken menawi nyerat fiksi menika langkung remen ngginakaken nama samaran: Kus Brotodiharjo, Ibune Pandu (di Jaya Baya) saha Fitri Gunawan ingkang minangka nama saking kalih putranipun menika. Ngendikanipun, kanthi ginakaken nama samaran beliau ngraos langkung mantep anggenipun nyerat ekspresi jiwa saha imajinasinipun.
Sasampunipun pensiun saking pegawai negeri 1 Juni 2004, Magister Manajemen Pendidikan alumnus UNESA menika wiwit tanggal 1 Juli 2005 dipunpercaya dados Redaktur Majalah Basa Jawa Damar Jati ingkang mapan wonten ing Jakarta.

7.             Dudutan
Dudutan saking maos novel kasebut inggih menika, raos setya menika sanget kangge suatu hubungan menika, ananging wonten ing gesang menika Gusti Allah sampun nemtokaken jodho, rejeki saha pati. Saben  manungsa namung saged usaha, ananging sadaya wangsul malih dhateng kersanipun Gusti Allah.
Minangka tiyang Jawi, tradhisi-tradhisi panggih kados ta siraman saha midodareni sampun awis dipuntemtokaken wonten ing jaman samenika. Tiyang Jawi menika kedah nglestantunaken tradhisi-tradhisi ingkang sampun wonten, amargi nilai filosofi ingkang inggil saha gadhah makna-makna tartamtu.
Buku menika cocok dipunwaos amargi cariyosipun saged narik kawigatosan pamaos awit saking irah-irahan saha gambaripun. Wonten ing salebeting novel menika ngewrat unsur budaya saha tradhisi. Sarta wonten pacelathon ingkang lucu ugi satemah damel pamaos boten bosen kangge pamaosipun.

1 komentar:

Anonim mengatakan...

sak meniko bu kushartati lenggah pundi?

Posting Komentar