Deskripsi Ritual
Unggah-Unggahan Bonokeling
Desa Pekuncen Kecamatan
Jatilawang, Banyumas
Bonokeling yaiku tiyang ingkang nyebaraken agama Islam
ingkang taksih ngabungaken agama Islam kaliyan unsur kejawen ingkang wonten ing
wonten ing Desa Pekuncen Kecamatan Jatilawang Banyumas, .
Bonokeling yaiku salah satunggaling penyebar agama
Islam ingkang diutus dening Sultan Demak kanggo nyiaraken agama Islam ing
Banyumas wonten ing abad 15. Bonokeling saged nyiaraken agama Islam ing kathah
panggonan ingkang dipanggoni, kaya dene ing Kecamatan Jatilawang (Desa
Pekuncen), Karanglewas, Wangon, Rawalo lan Cilacap. Amarga anggenipun manggon
ing panggonan menika mboten dangu, mula mboten kathah peninggalan ingkang saged
diteliti. Ngantos dumugi seda Bonokeling manggon ing Desa Pekuncen. Mula ing Desa
Pekuncen wonten makam Bonokeling. Dhateng masyarakat sekitar lan keturunanipun,
Bonokeling nyiaraken akidah lan syariat Islam. Salah satungaling ajaran ingkang
diajarken dening Bonokeling yaiku menawi tiyang Islam kedah puasa ing wulan
puasa amargi wulan puasa nggadahi keistimewaan lan kudah dimuliakaken. Mula
menawi badhe wulan puasa, Bonokeling ngempalaken sedaya keturunanipun kangge
nyambut wulan puasa kanthi donga lan dzikir marang Allah SWT. Tata cara nyambut
wulan puasa ingkang katindakake Bonokeling lan keturunanipun menika diterusaken
dening keturunane ngantos saiki.
Situs Bonokeling kasusun saking salah satunggaling
makam tuwa lan ugi bangunan-bangunan tuwa tradisional. Makam tuwa menika yaiku
makamipun Bonokeling. Bangunan-bangunan tuwa menika taksih dipanggoni dening
komunitas pengikut Bonokeling menika. Makam lan situs Bonokeling menika sampun
wonten awit penyebaran Islam ing Banyumas. Ingkang saged dipuntingali saking
tata upacara tradisional ingkang taksih ngagem donga-donga Islam.
Ing kompleks menika dibangun
bangunan-bangunan tradisional klasik. Wonten omah dinas kangge pemimpin komunitas ingkang dipunwastani bedogol. Omah-omah ing mriku dipunwastani Balai Badung. Lan papan
kangge
pertemuan dipunwastani Balai
Malang. Wonten ugi bangunan kange panggonan memuji
ingkang dipunwastani Pasemuan. Wonten 6 bangunan omah joglo. 1 omah kangge juru
kunci lan 5 omah kangge bedogol. Bedogol yaiku pembantu juru kunci (pemimpin
komunitas Bonokeling).
Prosesi ritual Unggah-unggahan
Penganut Bonokeling menika taksih nindakake ritual unggah-unggahan. Ritual
Unggah-unggahan katindakake kanthi cara sowan marang makam ing wulan Ruwah
kangge paring donga dhumateng leluhur kaliyan mbekta sesaji. Ritual
unggah-unggahan dipunkatindakake saben pungkasaning dinten Jumat ing wulan
Ruwah kangge nyambut wulan puasa.
Ing ritual unggah-unggahan, para penganut Bonokeling kedah ngagem klambi
adat jawa. Kangge tiyang estri ngagem kemben kaliyan selendang putih menawi
tiyang kakung kedah ngagem kain utawa sarung. Ingkang kedah dipuntindakaken
yaiku menawi badhe tumut ritual unggah-unggahan menika kedah wudhu rumiyin.
Ingkang nindakake ritual unggah-unggahan menika mboten namung pengikut
Bonokeling ingkang wonten ing Desa Pekuncen kemawon, nanging ugi katindakake
dening tiyang ingkang saking panggonan sanes. Kaya dene tiyang ingkang saking
Kecamatan Wangon, Kecamatan Rawalo lan ugi saking Kabupaten Cilacap. Sedaya
tiyang ingkang badhe tindhak dhateng Pekuncen ingkang badhe tumut nindakake
ritual unggah-unggahan menika kedah mlampah mboten ngagem sandal (alas kaki)
kaliyan mbekta sedaya uba rampe. Anggenipun mlampah kedah teratur, sejajar lan
kedah nindakake tapa bisu (tidak boleh bicara selama perjalanan). Prosesi
menika dados ingkang utama wonten ing pensucian diri. Prosesi menika kangge
pensucian diri. Tiyang kakung mlampah tumuju panggonan ritual menika kanthi
mbekta hasil ternak lan hasil bumi menawi tiyang estri mbekta bakul isi beras,
pangganan lan jajanan pasar. Sedaya uba rampe ingkang dipunbekta menika badhe
dipunginakaken kangge bahan ingkang badhe dimasak wonten ing Pekuncen.
Saksampunipun dumugi wonten ing Pekuncen, sedaya ubarampe ingkang dipun
bekto lajeng dipun paringaken dateng tiyang ingkang asli Pekuncen. Sasampunipun
adicara menika tiyang ingkang asalipun saking luar wilayah menika banjur tumuju
marang Balai Agung kanggo istirahat.
Menawi sedaya sampun istirahat lajeng sedaya nindakake
adicara “Nedu”. Nedu menika dzikir
kangge muji dumateng gusti Allah. Anggenipun nindhakaken adicara menika wonten
ing bala pasemuan tabuh 02:00 dumugi
05:00 enjing. Sasampunipun adicara dzikir lajeng sedaya tiyang asli Pekuncen
padha masak sareng-sareng, tiyang estri masak sekaul kaliyan lawuh lan tiyang
jales masak becek (gule wedus). Sedaya panganan menika dipun damel kangge
kenduren (slametan).
Nalika sedaya tiyang asli Pekuncen saweg masak, tiyang
ingkang saking luar wilayah nindhakaken prosesi unggah-unggahan. Sedaya tiyang
mlebet dateng makam bonokeling satunggal-satunggal, sasampununipun mlebet
gerbang kapisan sedaya lajeng antri wudlu. Menawi sampun suci sedaya saged
nindakaken ziarah wonten makan bonokelin, nalika ziarah wonten ugi tiyang
ingkang mbakar menyan kaliyan nyekar.
Sasampunipun ziarah lajeng katindhakake adicara kenduren (slametan), adicara
menika dipun pimpin dening juru kunci. Kenduran menika adicara pungkasan ing
adicara unggah-unggahan.
ANALISIS
Saking deskripsi ritual
unggah-unggahan ing makam Bonokeling desa Pekuncen kecamatan Jatilawang
Kabupaten Banyumas menika wonten tiga pranata ingkang saged dipunanalisis
inggih menika pranata agama, pranata kaluwarga lan pranata sosial.
1.
Telaah Pranata Agama
Saking
ritual unggah-unggahan ingkang wonten ing Desa Pekuncen, Jatilawang Kabupaten
Banyumas menika wonten pranata agama. Pranata agama menika saged katinggal
menawi dipuntinggali saking sudut pandang agama Islam. Amargi ritual
unggah-unggahan menika wujud syukur dhumateng gusti Allah saking sedaya karunia
ingkang sampun dipunparingaken dhumateng sedaya pengikut lan keturunan
Bonokeling lan ugi masyarakat sekitar, saengga sedaya kala wau nglakoni lan
nindakake perintah Allah kanthi becik, utamanipun ing wulan puasa (ramadhan)
ingkang disambut kaliyan ritual unggah-unggahan menika.
Ing ritual
unggah-unggahan wonten pranata agama amargi ajaran-ajaran ingkang wonten ing
ritual unggah-unggahan menika miturut kaliyan agama Islam. Ajaran-ajaran menika
adhidasar marang ajaran-ajaran ingkang wonten ing agama Islam. Saking prosesi
ingkang wonten ing ritual unggah-unggahan menika saged katinggal pranata
agamanipun. Kaya dene ing prosesi mlampah sareng-sareng tumuju Desa Pekuncen
ingkang katindakake dening tiyang luar wilayah Pekuncen menika. Ing prosesi
mlampah sareng-sareng menika katindakake kanthi cara mlampah sareng-sareng
mboten ngagem sandal lan mboten angsal matur (tapa bisu). Prosesi menika
gadhahi ancas kangge pensucian diri saderenge mlebet wonten ing wulan puasa.
Saking prosesi mlampah sareng-sareng menika saged katingal menawi wonten
pranata agamanipun. Amargi prosesi mlampah sareng-sareng menika gadhahi ancas
kangge pensucian diri saderenge mlebet wulan puasa. Menika saged nedahaken
menawi ritual unggah-unggahan menika taksih taat dhateng ajaran agama Islam ingkang
dipun sebaraken dening Bonokeling.
Wonten ugi
pranata agama ingkang saged katingal saking prosesi Nedu. Prosesi Nedu menika dzikir kangge muji dumateng gusti Allah. Saking
prosesi menika saged katingal bilih ritual unggah-unggahan menika taksih taat
nindakake menapa ingkang wonten ing ajaran agama Islam. Mboten nilar ajaran
agama Islam. Amargi prosesi Nedu menika gadhahi ancas kangge matur raos syukur
dhumateng gusti Allah.
Pranata agama ugi saged katingal saking aturan ingkang
wonten ing ritual unggah-unggahan menika. Wonten aturan menawi badhe ziarah
dhateng makam Bonokeling menika kedah wudlu. Amargi ingkang katindakake ing
prosesi ziarah makam menika paring donga dhateng leluhur. Mula kedah suci
rumiyin saderenge mlebet wonten ing makam Bonokeling. Iki trep
kaliyan ajaran ingkang wonten ing agama Islam. Menawi wonten ing agama Islam
kita sedaya dipunajari supados remen paring dedonga dhumateng tiyang ingakang
sampun seda.
Pranata
agama ugi saged dipuntingali saking adicara kenduren (slametan) ingkang wonten
ing ritual unggah-unggahan menika. Ing adicara kenduren menika wonten uba
rampenipun. Kaya dene wonten tumpeng, masakan becek (gulai wedhus), olahan
saking ayam lan wonten sesajinipun (kembang lan minyak wangi). Adicara kenduren
katindakake kanthi cara donga sareng-sareng ingkang dipunpimpin dening juru
kunci. Ingkang sedaya kala wau nedahaken
raos syukur dhumateng gusti Allah. Wonten ugi tumpeng ingkang nggadahi teges
kangge ungkapan syukur dhumateng gusti Allah. Mekataen saged nedahaken bilih
ing adicara kenduren wonten pranata agamanipun.
2.
Telaah Pranata
Keluwarga
Saking deskripsi
ritual unggah-unggahan desa Pekuncen kecamatan Jatilawang Kabupaten Banyumas
menika wonten telaah pranata kaluwarga. Telaah pranata keluwarga menika saged
katingali saking ritual-ritual ingkang taksih ngutamakake tradisi turun temurun
kaya dene cara nentuake sinten ingkang dados juru kunci wonten ing situs
bonokeling menika.. Ingkang saged dados juru kunci menika tiyang ingkang teksih
wonten sambungan kaliyan katurunan Bonokeling. Dados boten sedaya pengikut
Bonokeling saged dados juru kunci. Saliyanipun juru kunci, cara nentukake
bedogol uga teksih ningali saking asal usul katurunan kaluwarga menika.
Pranata ritual
unggah-unggahan ingkang turun temurun menika boten namung kangge tiyang asli
desa Pekuncen nanging uga berlaku kangge tiyang ingkang krami kaliyan warga
desa Pekuncen. Saking tradisi turun temurun menika dadosake sedaya tiyang nem
purun nindhakake tradisi-tradisi menika kanthi remen (tanpa dipun paksa). Kaya
dene menawi katurunan kaluwarga menika saking mbiyen sampun percaya kaliyan
pakumpulan Bonokeling mula putra-putra piyambake kedah nglakokake ritual
unggah-unggahan menika. Menawi wonten anggota kaluwarga ingkang boten purun
nglakokake ritual menika, tiyang menika lajeng dipun kucilkan saking komunitas
menika.
3.
Telaah Pranata Sosial
Tradhisi
Unggah-unggahan wonten ing
makam Bonokeling, Desa Pekuncen, Kecamatan Jatilawang, Kabupaten Banyumas, dipun tingali saking sudut pandang sosial kalebu pranata sosial amargi nalika Bonokeling nyebarake ajaranipun mboten namung
marang keluwarganipun lan keturunanipun nanging ugi marang masyarakat sekitar
desa Pekuncen. Lajeng ingkang
nindakake ritual unggah-unggahan menika mboten namung pengikut Bonokeling
ingkang wonten ing Desa Pekuncen kemawon, nanging ugi katindakake dening tiyang
ingkang saka ing Kecamatan Wangon, Kecamatan Rawalo lan ugi saka ing Kabupaten
Cilacap ingkang sowan marang desa Pekuncen, menika mertandhakake menawi
masyarakat asli Pekuncen ugi berinteraksi kaliyan masyarakat desa sanesipun
ingkang sami-sami percaya kaliyan ajaran Bonokeling.
Kathah para warga bebrayan
padha nyengkuyung tradhisi Unggah-unggahan, menika saged dipuntingali dening
sasampunipun adicara dzikir inggih menika dipunlajengaken sedaya tiyang asli
Pekuncen padha masak sareng-sareng, tiyang estri masak sekul kaliyan lawuh lan
tiyang jaler masak becek (gule wedus). Sedaya panganan menika dipun damel
kangge kenduren (slametan). Wonten mrika kathah para warga saged bebarengan lan gawe kerukunan.
Mula wonten
unen-unen tiyang
Jawa inggih menika rukun
agawe santosa crah agawe bubrah yaiku yen padha rukun mesthi bakal santosan
nanging yen congkrah mesthi bakal rusak.
SIMPULAN
Saking analisis
menika saged dipun simpulake dene wonten ing ritual unggah-unggahan ingakng wonten ing situs Bonokeling desa
Pekuncen Kecamatan Jatilawang kabupaten Banyumas menika wonten tiga pranata
yaiku Pranata Agama, Pranata Kaluwarga lan Pranata Sosial
Ritual unggah-unggahan
ingkang diajaraken dening Bonokeling menika wonten pranata agama ingkang wonten
ing lebetipun ritual menika. Awit tiyang ingkang ngajaraken ritual menika
adhidasar saking ajaran, akidah lan syariat agama islam.
Ing ritual
unggah-unggahan wonten pranata agama amargi dasar ajaran ingkang dipunsebaraken
lan ingkang dipun ajaraken dening Bonokeling yaiku ajaran islam. Yaiku ajaran
ingkang miturut akidah lan syariat islam. Ing mriku wonten syariat-syariat
islam ingkang kedah dipuntindakake dening sedaya pengikut Bonokeling. Yaiku
supados sedaya pengikut rutin puasa ing wulan puasa awit miturut Bonokeling,
ing wulan puasa menika kathah berkah ingkang saged dipunangsal dening sedaya
pengikutnipun lan wulan puasa menika wulan ingkang istimewa, mengkono iku
miturut Bonokeling. Awit dasar mekaten mula saben arep wulan puasa (ramadhan),
Bonokeling ngempalaken sedaya keturananipun kanggo ngawontenaken acara nyambut
wulan puasa kanthi donga-donga lan dzikir dhumateng gusti Allah swt. Mula saka
iku ngantos saiki dipuntindakake ritual unggah-unggahan ingkang gadhahi ancas
kanggo nyambut wulan puasa lan kanggo nyucikake diri saderengipun mlebet ing
wulan puasa. Kaliyan paring donga-donga lan dzikir dhumateng gusti Allah swt.
Wontenipun
pranata kaluwaraga ing ritual menika saged dipun tingali saking cara masyarakat
Bonokeling nentukake juru kunci kaliyan bedogol. Cara ingkang dipun ginakaken kangge milih juru kunci
kaliyan bedogol inggih menika dipunpadosi saking keturunan ingkang paling
cedhak kaliyan keturaunan Bonokeling.
Saking penjelasan ingkang wonten ing nginggil uga
saged dipun simpulaken menawi ritual unggah-unggahan ingkang diajaraken dening
Bonokeling menika wonten pranata sosial ingkang wonten ing lebeting ritual
menika kaya dene ritual wau boten namun dipuntindhakaken dening masyarakat desa
pekuncen kemawun nanging ugi wonten tiyang-tiyang masyarakat saking Wangon,
Rawalo lan Cilacap ingkang sami-sami percaya ajaran Bonokeling.
0 komentar:
Posting Komentar