TRADISI
EBEG DESA BANJAR PARAKAN
Ebeg menika
salah satunggal beksan rakyat ingkang wonten ing Banyumas. Tradisi tanggap
beksan ebeg menika rutin dipun wontenaken menawi hajatan sunat utawi
hajat-hajat ageng Banyumasan. Menawi dipun tingali Ebeg desa Banjar Parakan menika
boten benten kaliyan Jathilan, Kuda Kepang lan Reog, amargi sami-sami wonten
unsur magis ing beksan menika lan gerakan beksan menika uga sami-sami atraktif.
Ebeg menika kalebu beksan ingkang sakral amargi dek jaman kepungkur beksan menika
asring kangge iringan upacara keagamaan. Beksan ebeg menika nyariosaken babagan
gladhen perang para ksatriya Banyumas, beksan ebeg dipun paragakake 8 panari
jaler, 2 penthu tembel, 1 panari cepet lan 1 panari barongan ingkang dipun iringi kaliyan gamelan, serta sintren yaitu penari jaler ingkang dandan dados panari estri wonten ing
salah satunggal kurungan utawi kain cemeng. Saliyanipun gamelan wonten ing
trdisi beksan ebeg desa Banjar Parakan menika kedhah wonten Bendhe, bendhe menika alat musik ingkang kagungan
fungsi kaya dene gong nanging ukuranipun radi alit katimbang gong, saliyanipun
bendhe uga kedah wonten calung.
Aksesoris ingkang dipun ginakake dening penri beksan ebeg Banjar Parakan yaiku slendang,
benting, jarit,
celana pendek, kaos, jangkang, sumping, sabuk, dan kacamata cemeng. Beksan menika kaperang dados sekawan sesi, yaiku beksan
buta lawas kaping kalih, beksan senterewe lan beksan begong estri. Beksan
menika boten wonten koreografinipun nanging gerakanipun penarih kedah kompak ngetutake
gending Banyumasan.
Menawi badhe
ngawontenaken pertunjukan, ndalu sakderengipun partunjukan, pangarsa lan
penimbul utawi pawang nglakokake semedi wonten dalemipun piyambak-piyambak.
Ndalu menika saliyanipun ngundang roh utawi indang, pengarsa uga nyuwun ijin
supaya sedaya adicara sesuk dipun ganjarake .
Kangge njaga
supaya indang menika betah, tiap malem selasa kliwon lan jumat kliwon, pangarsa
lan panimbul nyiapake komaran rutin kangge indang-indang ingkang dipun jaga
wonten ing panembahan.
Wonten ing dinten partunjuksn menika, sakderengipun
adicara kawiwitan pangarsa nyiapake sedaya komaran utawi ubarampe kanthi
komplit, variasinipun kirang langkung 20 variasi yaiku pisang ambon, menyan, pantun, janur jene, gendis kelapa, budin, ron tawa,
dedek, ron papaya,
kopi gula, pupus pisang ambon, gula batu (ampo), degan kelapa ijo, lumbu cemeng, bedak, kaca, minyak
wangi duyung, lan
alang-alang (atep). Sedaya ubarampe menika dipun
sembahake kangge indang, amarga komaran menika dados bagean penting saking
ritual utama panyebuhan panari ingkang sampun kasurupan indang. Menawi komaran
menika boten komplit, indang saged murka lan ngamok boten purun dipun tambani.
Menawi sedaya ubarampe sampun komplit, panagarsa banjur daeml pager gaib
ingkang wujudipun segi sekawan. Wonten ing sedaya pojokan segi sekaan menika
dipun kubur kelapa-kelapa ingkang saderengipun sampun dipun dongani rumiyin.
Ancasipun pager gaib menika kangge jaga supaya menawi pertunjukan boten wonten
ingkang saged njaili lan uga kangge njaga indang supaya ingkang wuru menika
namung paraga ebeg desa Banjar Parakan.
Menawi sedaya sampun siap, adicara beksan ebeg menika kawiwitan, iringan
pambuka beksan ebeg menika gending eling-eling, kricik-kricik, gending tlutur, lsp. Sedaya paroga sami beksan kanthi kompak. Sasampunipun beksan-beksan
pambuka lajeng dipun terusake kaliyan janturan, janturan menika beksan-beksan
sakderengipun paraga padha mendem utawi kesurupan. Menawi paraga beksan ebeg
desa Banjar Parakan sampun mendhem sedaya, biasanipun paraga menika banjur
dhahar pecahan, maras kelapa kaliyan waja, dhahar pantun ingkang teksih wonten
batangipun, dedhek (kanthul), bamba, lsp. Saliyanipun pertunjukan menika uga
wonten partunjukan saking atraksi barongan, penthul tembem, sintren lan cepet.
Menawi sampun sonten paraga ingkang mendem banjur dipun tambani dening
penimbun(pawang) salami penimbun nambani sedaya paraga, cepet banjur nglakokake
tole-tole. Tole-tole menika yaiku cepet muteri pager gaib kalian nyuwun
sumbangan dening para panonton. Sasampunipun sedaya paraga dipun tambani
adicara dipun tutup kalian gending-gending banyumasan ingkang banter.
ANALISIS
Saking deskripsi
menika asal mula beksan ebeg menika kawiwitan saking tradisi tiyang Banyumas kangge ngiringi upacara
kaagamaan. Saking tradisi menika lajeng dipun dadosake salah setunggal beksan
kangge hiburan wonten ing adicara hajatan utawi adicara-adicara resmi wonten ing
Banyumas. Ancasipun tradisi beksan Ebeg menika yaiku kangge njaga supaya
adicara hajat menika saget gancar boten wonten alangan satunggal punapa.
Tradisi beksan
Ebeg menika dipun remeni kaliyan rakyat Banyumas amargi wonten ing adicara
menika kathah sesi-sesi ingkang sae, boten namun monotan nanging
adicara-adicara ingkang wonten ing tradisi beksan ebeg menika werni-werni, kaya
dene beksan-beksan ingkang atraktif, seni tutur utawi lawak, sulap, magic lsp.
Tradisi beksan
ebeg menika kathah sanget hubunganipun kaliyan pranata agama inggih menika
agami islam kejawen kaliayan agami Islam Modern. Menawi dipun priksani
seklebatan tradisi beksan ebeg menika kathah ingkang ngendika musrik amargi
wonten adicara menika wonten sesi ingkang dipun namani mendem, in trance (kesurupan) utawi wuru, ngundang roh-roh leluhuripun lan uga wonten
ubarampe-ubarampe kangge roh-roh kasebet kaya dene kembang lan kemenyan,
nanging menawi kita saged ngemati kanthi tenanan tradisi menika boten musrik
amargi tradisi menika ancasipun naming kangge hiburan lan uga ngertarikake
tradisi ingkang wonten Banyumas menika. Tradisi menika boten musrik amargi
sanadyan adicara menika kawontenaken ngantos 4 jam utawi 5 jam sedaya sami
liren lan sholat menawi wonten adzan.
Tradisi beksan
ebeg menika uga kathah hubunganipun kaliyan pranata ekonomi amargi samenika
Tradisi beksan Ebeg menika sampun alih fungsi boten namung ritual kangge nyuwun
kaselamatan nanging sampun dipun dadosake seni pertunjukan, acasipun inggih
menika kangge ngentelaken lan ngestantunaken budaya khas Banyumas kasebut.
Amargi alih fungsi menika tradisi beksan ebeg samenika dados kathah inggang
ndamel grup-grup beksan ebeg ing sedaya daerah Banyumas. Njamuripun tradisi
beksan ebeg menika ugi wonten dampak positif lan negative, dampak positifipun
yaiku budaya khas banyumas menika saget dipun priksani dening sedaya kalangan
amargi sedaya masyarakat khas banyumas saget nanggap beksan ebeg menika . Saking
menika kehidupan ekonomi paraga beksan ebeg Banjar Parakan uga saged lewih
sejahtera amarga kathah ingkang nanggap beksan kasebut
SIMPULAN
Tradisi beksan
ebeg menika boten musrik amargi tradisi menika kangge njaga supaya kabudayaan
banyumas ingkang dipun remeni dening masyarakat-masyarakat saderengipun menika
saged dipun remeni uga dening masyarakat-masyarakat salajengipun sahingga
tradisi kasebut saget lestantun. Tradisi menika uga kedhah tetep dipun jagi
amarga tradisi menika uga dipun ginakake kangge mata pencaharian para paraga
beksan ebeg lan pengrawit ingkang ngiringi beksan menika supaya gesangipun
lewih sejahtera. Menawi ebeg boten wonten malih sedaya paraga kasebut jelas
dados pengangguran lan anak-cucu kita benjang boten saget mriksani trade
Banyumas ingkang kathah seni kaya dene Beksan Ebeg Banjar Parakan.
0 komentar:
Posting Komentar