Wong tuwa mesthi ngudang marang
anake supaya dadi bocah sing gagah yen lanang utawa ayu yen wadon. Bakti marang
wong tuwa, guru, nusa, bangsa lan agamane. Kanggo mujudake pepenginan mau,
pirang-pirang sarana lan cara supaya bisa mawujud jumbuh karo pangajabe. Salah
sijine yaiku tradhisi tedhak siten. Acara tedhak siten ing saben dhaerah duwe
tata cara lan budaya dhewe dhewe.
Tedhak Siten
saka tembung “tedhak” lan “siten”
Tedhak = mudun
Siten = siti+an
= sitian siten = lemah
Tegese bocah
mudhun lemah
Acara iki
katindakake nalika bayi umur pitung wulan, bocah wiwit lungguh lan ajar mlaku
ing lemah. Acara iki katindakake kanthi pangajab si bocah bisa mandhiri ing
tembe mburine.
Upacara tedhak
siten biasane dirawuhi kulawarga inti (bapak, ibu, kaki, nini) lan kulawarga
liyane. Sing padha rawuh melu ndongaake moga-moga bocahe tansah waras, slamet,
kalis saka sambekala lan panggodhane setan. Ora mung ritual kang dipentingake
nanging ubarampe (perlengkapan) uga kudu dicawisake dening wong tuwane.
Ubarampe acara
tedhak siten antara liya:
1. kurungan
ayam, dhuwit, buku, mainan, alat music, lan sapanunggalane
2. andha
(tangga) sing digawe saka tebu
3. bokor wadhah
banyu kembang 7 warna
4. panganan
arupa bubur abang, putih, jadah 7 warna (makanan yang terbuat dari beras
ketan), bubur boro-boro (bubur yang terbuat dari bekatul-serbuk halus atau
tepung yang diperoleh setelah padi dipisahkan dari bulirnya), lan jajan pasar.
Ritual Upacara
Tedhak Siten
1. Bocahe
dituntun nang wong tuwane ngidak 7 wadah isi jadah 7 warna. Jadah pinangka
pralambang/symbol saka lumakune urip kang bakal diliwati dening si bocah.
2. Sabanjure si
bocah diwenehi andha sing digawe saka tebu. Andha pinangka pralambang urutan
undhak-undhakan panguripan sing bakal diliwati dening si bocah kanthi
perjuwangan lan ati kang teguh/kuwat. Andha disambungake karo kursi pangajab si
bocah bisa duwe pangkat lan palungguhan ingkang luhur.
3. Sawise bocah
mudhun saka andha, terus dituntun mlaku ing lemah lan dolanan karo sikile loro
karepe supaya mbesuke si bocah bisa nyambutgawe kanthi temen lan tekun kanggo
nyukupi kabutuhaning urip ing tembe mburine.
4. Sabanjure si
bocah dilebokake sajroning kurungan ayam kang wis dirias. Si bocah kon njupuk
barang kang ana sajroning kurungan kayata buku, dhuwit, lan dolanan liyane.
Barang kang dijupuk si bocah pinangka pralambang minate si bocah ing tembe
mburine.
5. Sawise kuwi
banjur si bocah diwenehi dhuwit koin lan kembang dening kakine pangajabe supaya
si bocah nduweni rejeki kang akeh lan seneng dana driyah (sedhekah). Terus si
bocah didusi karo banyu kembang 7 rupa. Pangajabe supaya si bocah bisa ngangkat
drajat lan gawe arum asmane kulawarga.
6. Sawise didusi
nganggo banyu kembang, si bocah dienggoni klambi kang bagus, pangajabe supaya
mbesuke bisa urip kang kepenak lan layak.
Acara adhat Jawa
tedhak siten saben papan nduweni ciri dhewe-dhewe lan mesthi beda beda. Bab iki
ora perlu dadi perkara amarga kabeh mau dijumbuhake karo kahanan lan suasanane.
0 komentar:
Posting Komentar