Wavy Tail


Kamis, 08 Januari 2015

Gurit Ngapak Dening Tri Martini


          Lunga Ngendi? 
Uput-uput nyong wis tangi
neng meja wis disandhingi kopi
ning ora tek aruh-aruhi
mripat kiye mung nyawang maring gili
karo nggrundeng neng ati
esuk kiye nyong arep lunga ngendi?

Uripku
Sikil mlaku langka sing nuntun
tangane lambeyan ora ana sing nggandeng
lunga ngetutna miline banyu
mabur kaya godhong kegawa barat
ngalor ya melu ngalor
ngidul ya melu ngidul
kaya wis ora nduweni daya
nggo nglawan apa maning mbalik arah
nek wis pancen kayakue dalane
awakku ora bisa ngalingi
mung bisa mbukak ati nggo nglakoni

Aja Nelangsa
Aja nelangsa nek kowe ditinggal lunga
Aja nelangsa nek kae wis karo wong liya
Aja nelangsa nek dudu merga wong tuwa
Uripmu suwene ora mung rong dina
Urip kowe udu mung nggo tresna
apa maning tresna sing sipate sedhela
sing sedhela-sedhela teka
sing sedhela-sedhela lunga
lan sing sedhela-sedhela gawe gela


Layu
Mawar abang neng pekarangan
njeprah gawe senenge mripat
kembang sepatu nguncup dawa
padha apike karo kembang mawar
nek mangsan ngembang pancen,
wit-witan pada gawe bungah
warna-warni kembange,
ijo royo-royo godhong,
nanging angger ora tau dirumat,
kembang sing mekar bisa dadi mingkup
sing warnane abang bisa dadi bathang
kayakue sing jenenge katresnan
kadang kala senenge mung ana neng ngarep
suwe-suwe nek wis padha wegahe,
ya padha kaya kembang mau
layu….
 

Kanca Pait
Lambemu lamis ning mambu amis
tumindakmu apik najan sethithik
angger lagi bungah, ora emut nek lagi susah
nalikane susah malah mereki
kaya kumbang nggoleti pangan
ning nek wis ngrasa wareg,
bablas lunga ora kesuwun
ya pancene kowe,
kanca pait luwih pait timbang bratawali

0 komentar:

Posting Komentar