“DHAGELAN”
Alhamdulillah yen diparingi sehat, cobo wae bayangna
yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi
limo nanging yen mripate belekken lakyo ora wangun tha? Aku banjur kelingan dek
dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah kaya
biasane, aku sekolah ing SMP faforit
yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur mlebu kelas, ora kroso
bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge
pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan
tekan pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan
konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas, ngrembug pelajaran karo mangan-mangan.
Gandeng kanca-kancaku padha crita pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu
kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka judule wae wus lucu,
kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi
nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing salah sawijining dina, andi
ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?” bapakne banjur takon “arep tok
nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo
sumeh Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren arep ngumbah klambimu
dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula
niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang dino, nah…. Kulo
tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.” Bapakne ngampet
ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe kucingmu kui ojo
diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep pengen tuku RINSO
(deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”, gandheng Andi
ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?” “cukup pak”.
Sakwise ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne
karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI” karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan
tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi banyu, lha nek tok adusi yo iso mati”
Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati mboten amargo tak adusi” , “ lha terus
keneng opo kucingmu ki?” pitakone bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi
kula PERES”. Kanca-kancaku podho ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni.
Rasane seneng banget nek iso nggawe kancaku ngguyu.
0 komentar:
Posting Komentar