Wavy Tail


Kamis, 08 Januari 2015

Contoh Sinopsis



Klincutan
Dening : Oyos

   Amargi lampu montore Yadi ora nyala, Yadi ketilang ana ing sangarepe ruko Kanjengan. Satemene Yadi menika wong kang disiplin lan tansah nuruti peraturan lalu lintas, nanging samenika dheweke nembe bae ngumbah motor ana ning pencucian montor banjur dheweke nerangake marang pulisine yen satemene lampu montore saking ngumah uwis nyala nanging pas nang cucian wau kayane saklare kesenggol pas lagi ngelapi montore. Pulisine ora ngrungokake critane, banjur jaluk SIM lan STNK-ne Yadi. Sauwise di priksa, pulisi mau banjur takon marang Yadi arep sidang langsung apa nang pengadilan, Yadi milih sidang langsung amarga praktis lan ngirit dhuwit, yen sidang nang pengadilan bisa nyampe rong dina lan bayare bisa nyampe satus ewu, nanging yen sidang langsung bayare mung seket ewu patang ngatus repis. Dhuwit  ana ing dhompete Yadi mung gari seket lima ewu, sawise antri sidang langsung ing pinggir dalan kuwi, Yadi nampani susuke patang ewu repis amarga laka patang ngatus repise.
 Ana ing dalan tumuju papan kerjane ing Radio PAS FM Ngunut, Yadi mung bisa dedongan mugi-mugi laka alangan. Siarane Yadi dina iki mung bab pengalamane ketilang lan nyemoni pulisi ingkang ala. Mulih saka anggone makarya, motore langsung dienggo blanja bojone golek gedhang, ora let sue bojone balik ning ora gawa gedhange. Jebule bojone uga tes ketilang seket ewu amarga ora gawa STNK.
 Saben dina minggu sore Yadi mapag bojone sing melu pengajian ibu-ibu ing pondhok Hidayatul Mubtadi’in Pulosari Ngunut. Sore kuwi ing prapatan Nusamba ana tabrakan, akeh wong rubung-rubung Yadi mandheg sedela lan takon marang wong cedhake bab kecelakaan kuwi, mungkur kuwi Yadi banjur nggeblas pondok pengajiane bojone. Segutule pondhok pengajiane durung rampung, nanging para bapak wis padha ngenteni. Yanto uwis teka, Yadi banjur takon kedadeyan tabrakan kala wau marang Yanto krana Yanto wau deleng kedadeyan wau saka cedhak. Yanto nerangaken yen wau niku bakul klapa obroge oling banjur disaut montor saking mburine. Yadi banjur takon bab urusan kalih pulisi nora, amarga miturut Yadi yen urusan karo pulisi iku malah kedawa-dawa, salah bener kena dhuwite. Nang kono uga ana priya kang njogrog nang Vario nganggo gamis soklat melu nimbrung ngrungokake critane Yanto lan Yadi. Jagongan ngrempung bab kecelakaan menika banjur bubar amarga pengajiane uwis rampung.
Ing minggu cendhake, Yadi gotak amarga priya vario durung teka, Yadi banjur takon Syamsul uwis tepungan durung marang priya vario wingi. Syamsul banjur nerangaken yen asmane priya vario iku AKP Ahmad Sholeh, dheweke iku Kapolsek Sumbergempol sing anyar, krungu critane Syamsul banjur Yadi njomplang kaget. Kagete krana minggu wingi dheweke nguman-uman tindakane pulisi ing sangarepe Kapolsek. Yadi ketar-ketir keweden. Ora let sue priyantune teka, Yadi lan Syamsul ndhisiki uluk salam karo rai abang klincutan, Kapolseke ngewangsule kanthi grapyak karo enggal-enggal salaman marang para kanca kang lewih dhisit teka. Yadi karo ndledeg amarga klincutan ngajak caturan dhisik, priyantune nadyan Kapolsek nanging andhap asor ora nuduhake pakaryan kang sejatine. Nemoni pulisi kang grapyak lan apikan iki anggapane Yadi ngeneni pulisi kanga ala banjur ilang.

Saking : Panjebar Semangat 39, edisi 24 September 2011

0 komentar:

Posting Komentar