Wavy Tail


Kamis, 08 Januari 2015

Contoh Sinopsis



Klincutan
Dening : Oyos

   Amargi lampu montore Yadi ora nyala, Yadi ketilang ana ing sangarepe ruko Kanjengan. Satemene Yadi menika wong kang disiplin lan tansah nuruti peraturan lalu lintas, nanging samenika dheweke nembe bae ngumbah motor ana ning pencucian montor banjur dheweke nerangake marang pulisine yen satemene lampu montore saking ngumah uwis nyala nanging pas nang cucian wau kayane saklare kesenggol pas lagi ngelapi montore. Pulisine ora ngrungokake critane, banjur jaluk SIM lan STNK-ne Yadi. Sauwise di priksa, pulisi mau banjur takon marang Yadi arep sidang langsung apa nang pengadilan, Yadi milih sidang langsung amarga praktis lan ngirit dhuwit, yen sidang nang pengadilan bisa nyampe rong dina lan bayare bisa nyampe satus ewu, nanging yen sidang langsung bayare mung seket ewu patang ngatus repis. Dhuwit  ana ing dhompete Yadi mung gari seket lima ewu, sawise antri sidang langsung ing pinggir dalan kuwi, Yadi nampani susuke patang ewu repis amarga laka patang ngatus repise.
 Ana ing dalan tumuju papan kerjane ing Radio PAS FM Ngunut, Yadi mung bisa dedongan mugi-mugi laka alangan. Siarane Yadi dina iki mung bab pengalamane ketilang lan nyemoni pulisi ingkang ala. Mulih saka anggone makarya, motore langsung dienggo blanja bojone golek gedhang, ora let sue bojone balik ning ora gawa gedhange. Jebule bojone uga tes ketilang seket ewu amarga ora gawa STNK.
 Saben dina minggu sore Yadi mapag bojone sing melu pengajian ibu-ibu ing pondhok Hidayatul Mubtadi’in Pulosari Ngunut. Sore kuwi ing prapatan Nusamba ana tabrakan, akeh wong rubung-rubung Yadi mandheg sedela lan takon marang wong cedhake bab kecelakaan kuwi, mungkur kuwi Yadi banjur nggeblas pondok pengajiane bojone. Segutule pondhok pengajiane durung rampung, nanging para bapak wis padha ngenteni. Yanto uwis teka, Yadi banjur takon kedadeyan tabrakan kala wau marang Yanto krana Yanto wau deleng kedadeyan wau saka cedhak. Yanto nerangaken yen wau niku bakul klapa obroge oling banjur disaut montor saking mburine. Yadi banjur takon bab urusan kalih pulisi nora, amarga miturut Yadi yen urusan karo pulisi iku malah kedawa-dawa, salah bener kena dhuwite. Nang kono uga ana priya kang njogrog nang Vario nganggo gamis soklat melu nimbrung ngrungokake critane Yanto lan Yadi. Jagongan ngrempung bab kecelakaan menika banjur bubar amarga pengajiane uwis rampung.
Ing minggu cendhake, Yadi gotak amarga priya vario durung teka, Yadi banjur takon Syamsul uwis tepungan durung marang priya vario wingi. Syamsul banjur nerangaken yen asmane priya vario iku AKP Ahmad Sholeh, dheweke iku Kapolsek Sumbergempol sing anyar, krungu critane Syamsul banjur Yadi njomplang kaget. Kagete krana minggu wingi dheweke nguman-uman tindakane pulisi ing sangarepe Kapolsek. Yadi ketar-ketir keweden. Ora let sue priyantune teka, Yadi lan Syamsul ndhisiki uluk salam karo rai abang klincutan, Kapolseke ngewangsule kanthi grapyak karo enggal-enggal salaman marang para kanca kang lewih dhisit teka. Yadi karo ndledeg amarga klincutan ngajak caturan dhisik, priyantune nadyan Kapolsek nanging andhap asor ora nuduhake pakaryan kang sejatine. Nemoni pulisi kang grapyak lan apikan iki anggapane Yadi ngeneni pulisi kanga ala banjur ilang.

Saking : Panjebar Semangat 39, edisi 24 September 2011

CONTOH CERKAK BASA JAWA


                                                                   “DHAGELAN”
 
Alhamdulillah yen diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken lakyo ora wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat. Aku menyang sekolah kaya biasane,  aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur mlebu kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas, ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka judule wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane ngene ana bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?” bapakne banjur takon “arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne, “ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.” Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”, gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?” “cukup pak”.
Sakwise ngedusi kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI” karo ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi banyu, lha nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati mboten amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe kancaku ngguyu.

Gurit Ngapak Dening Tri Martini


          Lunga Ngendi? 
Uput-uput nyong wis tangi
neng meja wis disandhingi kopi
ning ora tek aruh-aruhi
mripat kiye mung nyawang maring gili
karo nggrundeng neng ati
esuk kiye nyong arep lunga ngendi?

Uripku
Sikil mlaku langka sing nuntun
tangane lambeyan ora ana sing nggandeng
lunga ngetutna miline banyu
mabur kaya godhong kegawa barat
ngalor ya melu ngalor
ngidul ya melu ngidul
kaya wis ora nduweni daya
nggo nglawan apa maning mbalik arah
nek wis pancen kayakue dalane
awakku ora bisa ngalingi
mung bisa mbukak ati nggo nglakoni

Aja Nelangsa
Aja nelangsa nek kowe ditinggal lunga
Aja nelangsa nek kae wis karo wong liya
Aja nelangsa nek dudu merga wong tuwa
Uripmu suwene ora mung rong dina
Urip kowe udu mung nggo tresna
apa maning tresna sing sipate sedhela
sing sedhela-sedhela teka
sing sedhela-sedhela lunga
lan sing sedhela-sedhela gawe gela


Layu
Mawar abang neng pekarangan
njeprah gawe senenge mripat
kembang sepatu nguncup dawa
padha apike karo kembang mawar
nek mangsan ngembang pancen,
wit-witan pada gawe bungah
warna-warni kembange,
ijo royo-royo godhong,
nanging angger ora tau dirumat,
kembang sing mekar bisa dadi mingkup
sing warnane abang bisa dadi bathang
kayakue sing jenenge katresnan
kadang kala senenge mung ana neng ngarep
suwe-suwe nek wis padha wegahe,
ya padha kaya kembang mau
layu….
 

Kanca Pait
Lambemu lamis ning mambu amis
tumindakmu apik najan sethithik
angger lagi bungah, ora emut nek lagi susah
nalikane susah malah mereki
kaya kumbang nggoleti pangan
ning nek wis ngrasa wareg,
bablas lunga ora kesuwun
ya pancene kowe,
kanca pait luwih pait timbang bratawali

CERKAK

Tresnaku Wurung
Dening : Tri Martini
 
            “Assalmu'alaikum, saka ndi dhik?”
            “Aku?”
            “Iya”
            “Saka Banyumas mas”
            “Owalah nyong yaa?”
            “Hehe ya kayakue lah”
Omongan kuwi ora bakal tak laleni nganti saiki. Nalika kuwi bubar pertandingan aku balik bareng-bareng karo kanca-kanca sak tim. Dheweke uga melu, merga kuwi pertandingan kanggo lanang lan wadon. Nembe dheweke sing nakokake asalku saka ndi saka akehe wong kang bareng karo aku. Ya merga kancaku kabeh wis ngerti aku asale saka endi, hehe. Mbuh kenangapa kok bareng dheweke nakokake asalku saka endi rasane kaya beda. Krungu swarane atiku ndredeg jantungku kaya mlayu-mlayu sprint cepet banget. Ana ing dalan karo bonceng motor aku karo mesem-mesem dhewek, rasane bungah pisan. Sabubare   pertandingan kuwi aku lan kanca-kanca ora langsung balik nanging mampir ana ing rumah makan dhisik. Arane warung steak, haha ya aku tembe mlebu marang panggonan kaya ngono kuwi mangan panganane wong barat. Ning warung kuwi biasa wae aku ngobrol-ngobrol karo kanca liyane kaya adate. Wis rampung mangan banjur balik. Sakdurunge budhal aku bayar ongkos parkiran dhisik. Kebeneran motore dheweke ana ing buri motor sing aku tumpaki sisan wae tak bayari, dheweke mesem karo ngomong kesuwun. Aku ya melu mesem, dheweke uga ngajak guyon sedhela. Rasane bungah banget atiku, mbuh kenangapa. Wengi kuwi pancen wengi kang seje lan tembunge mau esih kaemut-emut nganti saiki. Jenenge Awan Kurniawan mahasiswa semester enem jurusan Ilmu Keolahragaan. Yen kuliah pancen aku ora tau tepang karo dheweke merga dheweke wis semester dhuwur lan aku esih semester enom dadi jadwale beda. Bareng wengi iku bocah-bocah kang wis foto-foto ngunggah fotone ana ing grup ukm facebook. Dheweke lan aku ya ditandai. Ning kono aku lan mas Awan komen-komenan seru nanging durung kekancanan ana ning facebook. Akhire aku ngewanekake kanggo ngeadd dheweke dadi batir facebook ku. Eeeeh ora suwe saka aku ngeadd dheweke langsung ngonfirm aku. Dheweke pancen dudu wong sombong dadi pantes wae nek gelem ngonfirm aku. Suwe-suwe aku karo dheweke sering komunikasi lewat dunia maya yaiku facebook. Yen aku pasang status dheweke sok-sok komen, ngono uga aku. Sangsaya suwe aku karo dheweke tambah akrab nganti chatingan barang. Batinku ya mung supaya dadi tambah akeh batir akrabku, nanging nyatane manah ora bisa dilomboni. Ana rasa-rasa sing nlusup luwih saka rasa seneng karo batir. Nalika latiyan aku dadi sering ketemu karo dheweke. Aku uga dadi tambah semangat anggone latiyan sanajan yen ketemu latiyan ya aku ora akeh ngomong karo dheweke. Merga dheweke kuwi wonge ora doyan ngomong nanging akeh polah-polahe dheweke sing gawe aku gumun. Latiyan bareng kirane wis ana sewulanan, nganti kanggo persiapan pertandingan sebanjure. Bar pertandingan kuwi latiyan dipreikake dhisik merga ketabrak wulan puasa. Batinku “ yaa prei ning umah ora bisa latiyan lan ketemu karo dheweke maneh”.
Wulan puasa dilakoni kaya biasane aku ya ngrasa bosen merga aku adoh karo kanca-kancaku. Wayahe saur kaya biasa aku mangan karo bapak lan ibu. Aku bukak hape jebule ana pemberitahuan saka fb pesan saka Awan Kurniawan.
“Assalamualaikum, dhik Banyumasmu ndi?”
“Wa’alaikumsalam, aku Rawalo mas”
“Hah masak? Ya cedhak karo aku dhik mas Sampang ngerti kan dhik?”
“Oya aku ngerti mas”
“Lagi ngapa dhik?”
“Aku lagi nonton tivi”
“Lah wis maem apa durung?”
“Uwis mas miki nembe bae”
Aku kaget nalikane dheweke ngomong asale saka Sampang cedhak saka nggonku, takira asale mas Awan kuwi ya saka daerah wetanan. Saka wektu iku aku karo dheweke dadi sering omong-omongan lewat fb, nganti dheweke njaluk nomor hape ku ddi kadang fban kadang smsan. Saben dina mas Awan mesti sms aku takon lagi ngapa, wis maem durung, saka esuk nganti bengi malah kadang ngasi lembur nggarap tugas bareng diselingi chatingan lewat facebook. Suwe-suwe merga dheweke aweh perhatian sing luwih maring aku, aku dadi kulina lan ngrasa sreg karo dheweke. Malah bareng mlebu kuliah aku sok-sokan diparani dheweke yen aku balik kampung dheweke uga pernah dolan menyang omahku. Saka iku, aku ngrasa yen apa sing dheweke lakoni marang aku wis ngluwihi perhatiane marang batir biasa. Aku esih eling nalika dheweke dolan maring omahku, mas Awan langsung bisa akrab karo wong tuaku. Sing gawe lucu malah nalikane ibuku weruh dheweke dikirani mas Awan kuwi wong wedhok merga rambute kang gondrong kaya rambute wong wedhok. Pas ning omah ya ibuku seneng karo dheweke. Mas Awan nganti ngomong yen aku karo dheweke wis kaya sedulur dadi ana ing rantau ana kancane bisa njaga siji lan sijine. Krungu omongane dheweke, atiku ngrasa krenteg nganti semana penggalihe dheweke marang awakku.
Saben dina diliwati kaya biasa dina-dinaku diiseni karo sms-smse mas Awan, perhatiane, lan keapikane marang aku. Aku ing kene uga dadi ngrasa aman lan tenang merga wis ana wong sing bisa dijaluki tulung kaya sedulure dhewek. Kadang mas Awan dolan maring kosku malah pernah ngancani aku tuku obat. Rasane uripku beda kaya adate, bareng mas Awan teka ana ing panguripanku. Perhatiane dheweke marang aku kuwi kaya perhatiane wong marang pacare, tanganku dicekel, rambutku dielus-elus, gawe aku ngrasa bingung dhewek, nanging aku ya ora wani takon maring dheweke apa sing sebenere dheweke rasakake marang awakku iki. Amarga aku ya esih kemutan biyen nalika wiwit tepang dheweke ngomong yen aku lan dheweke bakalan dadi kakang adhik selawase. Aku bingung nanging uga seneng, ana wong sing ngomong kaya mengkana. Nanging sawijining dina atiku ngrasa suwung merga mas Awan ujug-ujug ora sms aku maneh kira-kira seminggu suwene. Aku ngewanekake sms dheweke dhisik.
“Mas kenangapa si, kok wis pirang dina iki ora sms adhik maneh apa mas wis lali karo adhik, apa mas lagi nyoba ngilang saka adhik? Maaf yen adhik ana salah”
“Ora kok dhik, mas ora ana penggalih kaya mangkana. Kuwi penggalihmu wae”
Sepet kuwi mas Awan dadi jarang sms aku. Suwe sangsaya suwe aku ya dadi melu meneng ora wani nganggu dheweke.  Nganti saiki dheweke ora pernah ngubungi aku maneh, embuh apa alesane. Aku namung bisa ngenang kenangan sing dheweke aweh maring aku. Kaya nalikane pas malem minggu dheweke maring kosku ngajak aku dolan sewengi muput. Diajak mangan, ndelok-ndelok kaendahan kota, jagongan ing alun-alun, rasane bungah banget merga aku ora pernah ngrasakake bungah kang kaya mengkana. Ing wengi kuwi aku celathu.
            “ Mas aku wedi yen mas Awan bakal ninggalake adhik”
            “Tenang dhik aku ora bakal ninggallake awakmu”
Omongan kuwi sing aku cekel nganti saiki, sanajan saiki dheweke wis ora genah ana endi parane. Ujug-ujug amleng ora ana pawartane, namung lewat fb utawa kanca-kancane kang kadang aweh ngerti marang aku kahanane dheweke. Kaya kecocog eri atiku lara-selarane, rasane wis ora bisa diungkapake maneh karo tembung apa wae. Dheweke kang wis menehi janji-janji marang awakku, dheweke sing aweh perhatian luwih nanging saiki ora blas. Dheweke urung ngerti apa sing dirasakake atiku merga perhatiane dheweke, aku uga ora ngerti apa satemene rasa ing jero manahe marang sliraku. Tresnaku kang kependhem, durung medhar saka lambeku, nanging dheweke malah wis ngilang ndisiki godhong-godhong garing kang tumiba saka pange. Atiku wis ora genah rupane, dina-dina kang endah kae wis ilang ketutupan awan ireng lan kegawa angin ora ngerti maring ndi parane. Aku namung bisa sabar lan pasrah nglakoni urip iki. Muga-muga mas Awan tansah ora duweni rasa sebel utawa wadeh marang awakku, lan mugi ana titi mangsane dheweke ana maneh ing panguripanku.

ANALISIS KATA NONMURNI PADA CERKAK



Kanca Saklawase
Dening : Endah Setyaningsih

Kaya biasa sakdurunge pelajaran diwiwiti Susan lan Pita padha lungguhan ana ing ngarep kelas. Bocah keloron kuwe padha cariyosan sinambi deleng kanca-kanca kang pada semrawut ana ing parkiran
Pit, piye iki rong minggu maneh awak dhewe ujian matematika!” kandhane Susan marang Pita.
“Nah pangrunguku malah minggu sesuk San!” jawabe Pita marang Susan
“Apa iya? Lha terus piye? pitakone Susan.
Hayo piye? Ya sinau ta karep ben bisa!” sambunge Pita.
Bel masuk wis moni, siswa-siswa padha mlebu kelas kabeh. Durung ana telung menit lebar bel Pak Gunawan wis rawuh. Sakdurunge pelajaran diwiwiti, Doni kang dadi ketua kelas langsung nyiapke kanca-kancane donga. Sakwise donga Pak Gunawan langsung ngabsen siswa-siswane, Pak Gunawan iku guru ketrampilan, dheweke iku tegas tur padhatane disapa Pak Gun. Sinambi ngabsen Pak Gun uga nakokake gawean tangane siswa-siswa, amarga minggu wingi dheweke menehi tugas gawe kerajinan saka koran bekas. Siswa-siswa kabeh wis siap arep nuduhake kerajinane dhewe-dhewe.
“Endi gaweanmu San?” pitakone Pita.
”Aku lukisan ki, gaweanmu endi ta?” jawabe Susan.
“Iki aku gawe Bingkai foto!” Pita nidokake gaweane.
Sarampunge padha guneman banjur gawean mau dinile, kabeh gawean tangan kuwi banjur dikumpulake ana ing kantor guru.
Pelajaran wis dilekasi, Pak Gun nerangke kabeh bab IV. Bab IV iku nerangake babagan kerajinan anyaman saking pring (bambu) kaya dene iyan, ilir, saringan, kukusan, lsp. Pak Gun uga nerangaken wujud-wujud anyaman lan uga cara-carane ngayam.
 Susan ngakoni dheweke bingung banjur kandha marang Pita.
Aku kok durung dong-dong ya Pit?” pituture Susan karo Pita lirih-lirih.
Takon Pak Guru wae!” sarane Pita.
Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan ora wani takon. Pelajarane Pak Gun wes rampung. Lebar Pak Gun metu, susan takon karo Pita. Susan takon carane nggarap anyaman sing mau. Mestine Susan tak warai. Durung rampung olehku marai, Bu Sri wes rawuh.
Olehe marai teruske mengko maneh ya!” jare Susan.
“Iya!” Pita ya mung manut wae.
Bu Sri goli mulang ngasi mbengok-mbengok, masalahe siswane padha banter-banteran olehe ngomong. Susan barang ya melu rame. Pita anteng wae mung kadang-kadang olehe gojek.
Hey-hey, diam, diam semuanya!” Bu Sri nganthi sumarah.
Kabeh murid padha meneng, durung ana limang menit Bu Sri ngajar nulis aksara jawa wis padha rame maneh kaya pasar.
Hey-hey, diam bisa tidak? Padha niat sekolah ora? Nek ora metu wae, ora usah ngrusuhi kancane sing pengin bisasambunge Bu Sri.
Wah galake Bu Sri saya metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid padha anteng, meneng, nggatekake pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng nek suasanane kelas kondusif, tur ya muride padha dong kabeh.
Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep mudengake bab anyaman.
“Sida nerusake olehmu takon mau ora San?’’ takonku marang Susan.
“Sesuk apa kapan wae ya, aku males we. Jajan dhisik wae ya, ngelih aku!” jawabe Susan.
“Ya wis lah jajan dhisik, kowe ki pancen manganan! aku mung manut karo Susan, sing butuh ngerti Susan dudu aku. Batine Pita.
Banjur Susan lan Pita padha jajan marang warung mburi sekolah, ana kana susan karo Pita mung tuku goreng-gorengan karo es teh. Sakwise padha wareg banjur pada mbalik ana kelas maneh.
Ngasi arep balik Susan durung takon meneh, kayane Susan wis dong. Mula Pita mung meneng wae. Sakwise bel mulih muni Pita ora langsung balik nanging mampir marang ruang BK dhisit arep curhat marang Guru BK babagan Susan.
“Kula sing asli menika boten remen kaliyan Susan, amargi saben pelajaran menapa mawon ingkang dipun omong kaliyan guru-guru namung Susan. Susan menika tiyangipun caper, lebay, alay, lan gembelengan inggih menika ingkang dadosake kula boten seneng. Apa maneh menawi kula saweg nyuwun pirsa guru, mangkeh ingkang jawab Susan. Maksud kula Susan menika kerep sanget ngrebut jatah soal kangge kula, Bu!” curhate Pita marang Bu Bk. Pita neng ruang BK dhewe, ora mungkin karo Susan.
“Pita, saiki kowe sing sabar dishik wae, Susan dimenengke wae dhisit. Omong apik-apik karo Susan babagan kuwi, mengko Susan ndak loro ati!” iku sarane Bu BK.
Inggih Bu! jawabku.
“Ya wis saiki mantuk dhisit, ndak digoleki ibune. Sing ngati-ati ya!” lanjute Bu BK.
Inggih Bu!” jawabku maneh.
Amarga wis kesoren Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap. Weruh anak wadone megap-megap banjur ibune Pita nyedaki.
“Kok balike telat nduk? Ana apa?” pitakone Ibune Pita.
“Boten wonten menapa-menapa Bu, wau Pita namung ngerjakake tugas riyin” selane Pita sing ora pengin Ibune ngerti tingkahe Susan, sabisa-bisane Pita nutupi amarga Susan menika kanca rakete Pita wiwit SD. Menawi ibune ngerti meti dadi kedhawa-dhawa.
“Ya wis, nek ngono salin dhisit trus ndang maem! Wis ngelih to?” prentahe ibune marang Pita.
”Inggih bu, sampun ngelih sanget! Ibu masak menapa ta?” pitakone Pita sinambi mlebu kamar.
“Masak tahu kesenenganmu karo nyambel, mengko ndang maem sawarege! Ibu meh meng sawah dhisit, tilik bapakmu sing lagi macul.” jawabe ibune.
“Oh inggih Bu, ngatos-atos nggih!” sambunge Pita.
Sarampunge salin, Pita banjur maem sinambi nonton tv ana ing ruang tamu. Kira-kira sepuluh menit Pita wis rampung olehe maem, dheweke banjur nyapu latar. Amarga kelalen ora sandhalan sikile Pita kecocog eri, Pita banjur liren olehe nyapu.
Sekitar tanggal pitulasan arep ana UTS, utawa Ulangan Tengah Semeter. Sing diujikake iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Mateamatika. Wis ngasi saiki Susan durung takon matematika sing mbiyen. “Ahhh ya luweh ora takon aku”, batine Pita. Sedina iku Pita ora guneman karo Susan maneh. Susan ya ora ngejaki Pita guneman. Pita ya ora nyoba guneman karo Susan sing disaranake Bu BK.
Bel pindo, tandane ngaso. Pita ora jajan bareng Susan, Susan ngejak Pita jajan, ning Pita wegah. Pita jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali Pita ora guneman karo Susan.
Apa Susan ngerti curhatku marang Bu Bk ya?’’ pikirku.
Sakdawane bali sekolah neng dalan Pita mung mikiri kuwi.
“Menawi Susan ngerti piye ya? Aku kon kudu piye?” Pita bingung.
Dino wis ganti, saiki wektune UTS. Pita ora sakkelas karo Susan, Pita nggarap soal kanthi PD. Kabeh tak garap ora ana masalah, lancarlah. Pita nggarap soal kanthi jujur, ora nurun. UTS pertama Pita ora pethuk Susan. Ngasi UTS kepapat Pita ya ora kepethuk Susan maneh.
UTS wis rampung, bijine ya wis diumumake kabeh.
Yess!! Bijiku apik kabeh, ya alhamdullilah aku rangkin II!” batine Pita.
Nanging nalika Pita niliki bijine Susan beda adoh, Susan rangkin 30. Pita bangga bisa luwih apik saka Susan. Ning Pita ya ora entuk sombong, amarga Pita ya durung puas karo biji semana, tur lagi rangkin II.
Pita lungguh nang ngarep kelas dhewe. Karo mangan gorengan. Pita wis ora mikirake Susan maneh, luweh. Niatku iku mung arep nglalenake Susan!” batine Pita.
Pranyana ora ngira, Susan mara lan lungguh neng jejere Pita. Susan kandha yen dheweke njaluk ngapura karo Pita. Pita bingung kudu piye, masalahe Pita kuwi arep nglalenake Susan.
Galih banjur mara lan ngomong. “Pit, ya dingapura ta Susan, mesake lo Susan nek ora dingapura!”.
Aku  mung meneng wae.
“Pit!” lanjute Galih. “Kowe lha wis saka SD ta kancanan karo Susan, puluhan tahun Pit, mosok arep tak pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi, Pit!”, lanjute Galih maneh.
“ Ok ok, la Susan kuwi ngapa njaluk ngapura karo aku barang?” pitakone Pita karo Galih.
Susan mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK, Pit!”, jare Susan.
Pita mung meneng wae.
“Pit, please aku dingapura ya, Pit! panjaluke Susan.
Susan karo Galih mung ndeloke Pita. Pita bingung. Pancen bener wis puluhan tahun Pita kancanan karo Susan. Akhire Pita ngapurani Susan.Pita ya njaluk ngapura marang Susan lan Galih yen duwe salah.
Ngasi saiki Pita, Galih, lan Susan kancanan raket. Pita seneng bisa nduwe kanca kaya Galih lan Susan.

***end***


ANALISIS KATA

Kata Nomina de Verba
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      Pi-L


2.      Pi-L

3.      PaN-L


4.      L-an


5.      L-an


6.      L-an


7.      L-an


8.      L-an


9.      L-an


10.  DL-an


11.  –ku/-mu/-e
Benda abstrak


Benda abstrak

Benda abstrak


Alat


Alat


Tempat


Tempat


Hasil


Hasil


Hasil


Milik
Pitutur (Aku kok durung dong-dong ya Pit?” pituture Susan karo Pita lirih-lirih.)
Pitakon (“Apa iya? Lha terus piye? pitakone Susan)
Pangrungu (“Nah pangrunguku malah minggu sesuk San!”)
Saringan (saking pring (bambu) kaya dene iyan, ilir, saringan, kukusan, lsp.)
Kukusan (saking pring (bambu) kaya dene iyan, ilir, saringan, kukusan, lsp.)
Lungguhan (…padha lungguhan ana ing ngarep kelas.)
Parkiran (deleng kanca-kanca kang pada semrawut ana ing parkiran)
Lukisan (”Aku lukisan ki, gaweanmu endi ta?” jawabe Susan.)
Gorengan (Pita lungguh nang ngarep kelas dhewe. Karo mangan gorengan.)
Goreng-gorengan (Pita mung tuku goreng-gorengan karo es teh)
Gaweanmu (“Endi gaweanmu San?” pitakone Pita.)


Kata Nomina de numeralia
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      L-an
Satuan
Puluhan (Pancen bener wis puluhan tahun Pita kancanan karo Susan.)


Kata Verba Nonmurni
Bentuk
Tuladha
1.      Verba de nominal (N-L)

2.      Verba de numeralia (pi-L-an)


3.      Verba de pronominal (N-L-i)

4.      Verba de adverbial (DP-an)
Macul (Ibu meh meng sawah dhisit, tilik bapakmu sing lagi macul.)
Pitulasan (Sekitar tanggal pitulasan arep ana UTS, utawa Ulangan Tengah Semeter.)
Ngakoni (Susan ngakoni dheweke bingung banjur kandha marang Pita.)
Banter-banteran (siswane padha banter-banteran olehe ngomong.)




Kata Adjektiva de Verba
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      L-an


2.      –um-L
Bersifat seperti


Bersifat seperti
Manganan (“Ya wis lah jajan dhisik, kowe ki pancen manganan!)
Sumarah (Hey-hey, diam, diam semuanya” Bu Sri nganthi sumarah.)


Kata Advjektiva de Adverbial
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      L-an



2.      –um-L



3.      –um-DL
Bersifat/bertingkah



Bersifat



Bersifat menyebabkan
Gembelengan (, alay, lan gembelengan inggih menika ingkang dadosake kula boten seneng.)
Semrawut (deleng kanca-kanca kang pada semrawut ana ing parkiran)
Megap-megap (Amarga wis kesoren Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap.)


Kata Adverbia Transposisi dari Kata
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      Sa-L-e



2.      Ke-Dwilingga
Sampai…



Tak terelakan menjadi…
Sawarege (“Masak tahu kesenenganmu karo nyambel, mengko ndang maem sawarege!)
Kedhawa-dhawa (. Menawi ibune ngerti meti dadi kedhawa-dhawa.)

Kata Adverbia Transposisi dari Kata Benda
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      L-an


2.      NL




3.      N+Dwilingga



4.      Ke+L+en
Ber-/Dengan secara


Ber-/Naik…




Ber-



Terlalu
Sandhalan (Amarga kelalen ora sandhalan sikile Pita kecocog eri,)
Ngepit (Amarga wis kesoren Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap.)
Ngati-ati (“Ya wis saiki mantuk dhisit, ndak digoleki ibune. Sing ngati-ati ya!)
Kesoren (Amarga wis kesoren Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap.)

Kata Adverbia Transposisi dari Kata Kerja
Bentuk
Makna
Tuladha
1.      Dwilingga




2.      Sa-L-e



3.      Sa-dwilingga-e
Dengan secara




Sampai…



Se…mungkin
Kira-kira (Kira-kira sepuluh menit Pita wis rampung olehe maem, dheweke banjur nyapu latar.)
Sarampunge (Sarampunge padha guneman banjur gawean mau dinile…)
Sabisa-bisane (Pita sing ora pengin Ibune ngerti tingkahe Susan, sabisa-bisane Pita nutupi amarga Susan menika kanca rakete Pita wiwit SD)