Kanca
Saklawase
Dening : Endah Setyaningsih
Kaya biasa
sakdurunge pelajaran diwiwiti Susan lan Pita padha lungguhan ana ing ngarep
kelas. Bocah keloron kuwe padha cariyosan sinambi deleng kanca-kanca kang pada
semrawut ana ing parkiran
“Pit, piye iki rong minggu maneh awak dhewe ujian matematika!” kandhane Susan marang Pita.
“Nah
pangrunguku malah minggu sesuk San!” jawabe Pita marang Susan
“Apa iya?
Lha terus piye? pitakone Susan.
“Hayo piye?
Ya sinau ta karep ben bisa!” sambunge Pita.
Bel masuk wis moni, siswa-siswa padha mlebu kelas kabeh. Durung ana telung
menit lebar bel Pak Gunawan wis rawuh. Sakdurunge pelajaran diwiwiti, Doni kang dadi ketua kelas langsung nyiapke kanca-kancane donga. Sakwise donga Pak Gunawan langsung ngabsen siswa-siswane, Pak Gunawan iku
guru ketrampilan, dheweke iku tegas tur padhatane disapa Pak Gun. Sinambi ngabsen
Pak Gun uga nakokake gawean tangane siswa-siswa, amarga minggu wingi dheweke
menehi tugas gawe kerajinan saka koran bekas. Siswa-siswa kabeh wis siap arep
nuduhake kerajinane dhewe-dhewe.
“Endi
gaweanmu San?” pitakone Pita.
”Aku lukisan
ki, gaweanmu endi ta?” jawabe Susan.
“Iki aku
gawe Bingkai foto!” Pita nidokake gaweane.
Sarampunge
padha guneman banjur gawean mau dinile, kabeh gawean tangan kuwi banjur
dikumpulake ana ing kantor guru.
Pelajaran wis dilekasi,
Pak Gun nerangke kabeh bab IV. Bab IV iku
nerangake babagan kerajinan anyaman saking pring (bambu) kaya dene iyan, ilir,
saringan, kukusan, lsp. Pak Gun uga nerangaken wujud-wujud anyaman lan uga
cara-carane ngayam.
Susan ngakoni dheweke bingung banjur
kandha marang Pita.
“Aku kok
durung dong-dong ya Pit?” pituture Susan karo Pita
lirih-lirih.
“Takon Pak
Guru wae!” sarane Pita.
Nanging Susan mung meneng wae.
Ketoke Susan ora wani takon. Pelajarane
Pak Gun wes rampung.
Lebar Pak Gun metu, susan takon karo Pita. Susan
takon carane nggarap anyaman sing mau.
Mestine Susan tak warai. Durung rampung olehku marai, Bu Sri wes
rawuh.
“Olehe marai
teruske mengko maneh ya!” jare
Susan.
“Iya!” Pita ya mung manut
wae.
Bu Sri goli mulang
ngasi mbengok-mbengok, masalahe siswane padha banter-banteran
olehe ngomong. Susan barang ya melu rame. Pita anteng wae
mung
kadang-kadang olehe gojek.
“Hey-hey,
diam, diam semuanya!” Bu Sri nganthi sumarah.
Kabeh murid padha meneng, durung ana limang
menit Bu Sri
ngajar nulis aksara jawa wis padha rame maneh kaya pasar.
“Hey-hey, diam bisa tidak? Padha niat sekolah ora? Nek ora metu wae, ora usah ngrusuhi kancane sing pengin bisa” sambunge Bu Sri.
Wah galake Bu
Sri saya metu. Ngasi
rampung pelajaran kabeh murid padha anteng, meneng,
nggatekake pelajarane
Bu Sri. Bu Sri seneng nek suasanane
kelas kondusif, tur ya muride padha dong kabeh.
Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen
Susan arep mudengake bab anyaman.
“Sida nerusake olehmu takon
mau ora San?’’
takonku marang Susan.
“Sesuk apa kapan wae ya, aku males
we. Jajan dhisik wae ya, ngelih aku!” jawabe
Susan.
“Ya wis lah jajan dhisik, kowe ki pancen manganan!” aku mung
manut karo Susan, sing butuh ngerti Susan dudu aku. Batine Pita.
Banjur Susan
lan Pita padha jajan marang warung mburi sekolah, ana kana susan karo Pita mung
tuku goreng-gorengan karo es teh. Sakwise padha wareg banjur pada mbalik ana
kelas maneh.
Ngasi arep balik Susan durung takon
meneh, kayane Susan wis dong. Mula Pita mung meneng wae. Sakwise bel mulih muni Pita ora langsung balik
nanging mampir marang ruang BK dhisit arep curhat marang Guru BK babagan Susan.
“Kula sing asli menika boten remen kaliyan Susan,
amargi saben pelajaran menapa mawon ingkang dipun omong kaliyan guru-guru namung Susan.
Susan menika tiyangipun caper, lebay, alay, lan gembelengan inggih menika ingkang dadosake kula boten
seneng. Apa maneh menawi kula saweg nyuwun pirsa
guru,
mangkeh ingkang jawab Susan. Maksud kula
Susan menika kerep sanget
ngrebut jatah soal kangge kula, Bu!” curhate Pita marang Bu Bk. Pita neng ruang
BK dhewe, ora mungkin
karo Susan.
“Pita, saiki kowe
sing sabar dishik wae, Susan dimenengke wae dhisit. Omong
apik-apik karo Susan babagan kuwi, mengko
Susan ndak loro ati!” iku sarane
Bu BK.
“Inggih Bu!” jawabku.
“Ya wis saiki mantuk
dhisit, ndak digoleki ibune. Sing ngati-ati ya!” lanjute Bu BK.
“Inggih Bu!” jawabku maneh.
Amarga wis
kesoren Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap. Weruh
anak wadone megap-megap banjur ibune Pita nyedaki.
“Kok balike
telat nduk? Ana apa?” pitakone Ibune Pita.
“Boten
wonten menapa-menapa Bu, wau Pita namung ngerjakake tugas riyin” selane Pita
sing ora pengin Ibune ngerti tingkahe Susan, sabisa-bisane Pita nutupi amarga
Susan menika kanca rakete Pita wiwit SD. Menawi ibune ngerti meti dadi
kedhawa-dhawa.
“Ya wis, nek
ngono salin dhisit trus ndang maem! Wis ngelih to?” prentahe ibune marang Pita.
”Inggih bu,
sampun ngelih sanget! Ibu masak menapa ta?” pitakone Pita sinambi mlebu kamar.
“Masak tahu
kesenenganmu karo nyambel, mengko ndang maem sawarege! Ibu meh meng sawah
dhisit, tilik bapakmu sing lagi macul.” jawabe ibune.
“Oh inggih
Bu, ngatos-atos nggih!” sambunge Pita.
Sarampunge
salin, Pita banjur maem sinambi nonton tv ana ing ruang tamu. Kira-kira sepuluh
menit Pita wis rampung olehe maem, dheweke banjur nyapu latar. Amarga kelalen
ora sandhalan sikile Pita kecocog eri, Pita banjur liren olehe nyapu.
Sekitar
tanggal pitulasan arep ana UTS, utawa Ulangan Tengah Semeter. Sing diujikake
iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Mateamatika. Wis ngasi saiki Susan durung takon
matematika sing mbiyen.
“Ahhh ya luweh ora takon
aku”, batine Pita. Sedina iku Pita ora guneman karo Susan maneh. Susan ya ora ngejaki Pita guneman. Pita ya ora nyoba guneman karo Susan sing disaranake Bu BK.
Bel pindo, tandane
ngaso. Pita ora jajan
bareng Susan, Susan ngejak Pita jajan, ning Pita wegah. Pita jajan bareng
Galih. Ngasi wayahe bali Pita ora guneman karo Susan.
“Apa Susan ngerti curhatku marang
Bu Bk ya?’’ pikirku.
Sakdawane bali
sekolah neng dalan Pita mung mikiri kuwi.
“Menawi Susan ngerti piye ya? Aku kon
kudu piye?” Pita bingung.
Dino wis ganti,
saiki wektune UTS. Pita ora sakkelas
karo Susan, Pita nggarap
soal kanthi PD. Kabeh tak garap ora ana masalah, lancarlah. Pita nggarap
soal kanthi jujur, ora nurun. UTS pertama Pita ora pethuk
Susan. Ngasi UTS kepapat Pita ya ora
kepethuk Susan maneh.
UTS wis rampung,
bijine ya wis diumumake kabeh.
”Yess!! Bijiku apik kabeh, ya
alhamdullilah aku rangkin II!” batine Pita.
Nanging nalika Pita niliki bijine
Susan beda adoh, Susan
rangkin 30. Pita bangga bisa luwih apik
saka Susan. Ning Pita ya ora entuk
sombong, amarga Pita ya durung puas karo biji semana, tur lagi
rangkin II.
Pita lungguh nang ngarep kelas
dhewe. Karo mangan gorengan. Pita wis ora mikirake Susan maneh, luweh. “Niatku iku
mung arep nglalenake Susan!” batine Pita.
Pranyana ora ngira, Susan mara lan lungguh
neng jejere Pita. Susan kandha yen dheweke njaluk
ngapura karo Pita. Pita bingung
kudu piye, masalahe Pita kuwi arep nglalenake Susan.
Galih banjur
mara lan ngomong. “Pit, ya dingapura ta Susan,
mesake lo Susan nek ora dingapura!”.
Aku mung meneng wae.
“Pit!” lanjute
Galih. “Kowe lha wis saka SD ta kancanan karo Susan, puluhan tahun Pit, mosok arep tak pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi, Pit!”, lanjute
Galih maneh.
“ Ok ok, la
Susan kuwi ngapa njaluk
ngapura karo aku
barang?” pitakone Pita karo Galih.
Susan mung
mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK, Pit!”, jare
Susan.
Pita mung meneng
wae.
“Pit, please aku dingapura ya, Pit!” panjaluke
Susan.
Susan karo Galih
mung ndeloke Pita. Pita bingung. Pancen bener wis puluhan tahun Pita kancanan karo Susan.
Akhire Pita ngapurani Susan.Pita ya njaluk ngapura marang
Susan lan Galih yen duwe salah.
Ngasi saiki Pita, Galih, lan Susan kancanan raket. Pita seneng bisa nduwe kanca
kaya Galih lan
Susan.
***end***
ANALISIS
KATA
Kata Nomina de Verba
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
Pi-L
2.
Pi-L
3.
PaN-L
4.
L-an
5.
L-an
6.
L-an
7.
L-an
8.
L-an
9.
L-an
10.
DL-an
11.
–ku/-mu/-e
|
Benda abstrak
Benda abstrak
Benda abstrak
Alat
Alat
Tempat
Tempat
Hasil
Hasil
Hasil
Milik
|
Pitutur (“Aku kok
durung dong-dong ya Pit?” pituture Susan karo Pita lirih-lirih.)
Pitakon (“Apa iya? Lha terus
piye? pitakone Susan)
Pangrungu (“Nah pangrunguku malah minggu sesuk San!”)
Saringan (saking pring
(bambu) kaya dene iyan, ilir, saringan, kukusan, lsp.)
Kukusan (saking pring
(bambu) kaya dene iyan, ilir, saringan, kukusan, lsp.)
Lungguhan (…padha lungguhan ana ing ngarep kelas.)
Parkiran (deleng kanca-kanca
kang pada semrawut ana ing parkiran)
Lukisan (”Aku lukisan ki, gaweanmu endi ta?” jawabe Susan.)
Gorengan (Pita lungguh nang ngarep
kelas dhewe. Karo
mangan gorengan.)
Goreng-gorengan (Pita mung
tuku goreng-gorengan karo es teh)
Gaweanmu (“Endi gaweanmu San?” pitakone Pita.)
|
Kata Nomina de numeralia
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
L-an
|
Satuan
|
Puluhan (Pancen
bener wis puluhan tahun Pita kancanan karo Susan.)
|
Kata Verba Nonmurni
|
Bentuk
|
Tuladha
|
1.
Verba de
nominal (N-L)
2.
Verba de
numeralia (pi-L-an)
3.
Verba de
pronominal (N-L-i)
4.
Verba de
adverbial (DP-an)
|
Macul (Ibu meh meng sawah
dhisit, tilik bapakmu sing lagi macul.)
Pitulasan (Sekitar tanggal pitulasan arep ana UTS, utawa Ulangan Tengah Semeter.)
Ngakoni (Susan ngakoni dheweke bingung banjur
kandha marang Pita.)
Banter-banteran (siswane padha banter-banteran olehe
ngomong.)
|
Kata Adjektiva de Verba
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
L-an
2.
–um-L
|
Bersifat seperti
Bersifat seperti
|
Manganan (“Ya wis lah
jajan dhisik, kowe ki pancen manganan!”)
Sumarah (“Hey-hey, diam, diam semuanya” Bu Sri nganthi sumarah.)
|
Kata Advjektiva de Adverbial
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
L-an
2.
–um-L
3.
–um-DL
|
Bersifat/bertingkah
Bersifat
Bersifat menyebabkan
|
Gembelengan (, alay, lan gembelengan inggih menika ingkang dadosake kula boten
seneng.)
Semrawut (deleng kanca-kanca
kang pada semrawut ana ing parkiran)
Megap-megap (Amarga wis kesoren
Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap.)
|
Kata Adverbia Transposisi dari Kata
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
Sa-L-e
2.
Ke-Dwilingga
|
Sampai…
Tak terelakan menjadi…
|
Sawarege (“Masak tahu kesenenganmu karo nyambel, mengko ndang maem sawarege!)
Kedhawa-dhawa (. Menawi
ibune ngerti meti dadi kedhawa-dhawa.)
|
Kata Adverbia Transposisi dari Kata Benda
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
L-an
2.
NL
3.
N+Dwilingga
4.
Ke+L+en
|
Ber-/Dengan secara
Ber-/Naik…
Ber-
Terlalu
|
Sandhalan (Amarga kelalen
ora sandhalan sikile Pita kecocog
eri,)
Ngepit (Amarga wis kesoren Pita goli ngepit kesusu mula gutul ngumah dheweke megap-megap.)
Ngati-ati (“Ya wis saiki
mantuk dhisit, ndak
digoleki ibune. Sing ngati-ati ya!”)
Kesoren (Amarga wis kesoren Pita goli ngepit kesusu mula
gutul ngumah dheweke megap-megap.)
|
Kata Adverbia Transposisi dari Kata Kerja
|
Bentuk
|
Makna
|
Tuladha
|
1.
Dwilingga
2.
Sa-L-e
3.
Sa-dwilingga-e
|
Dengan secara
Sampai…
Se…mungkin
|
Kira-kira (Kira-kira sepuluh
menit Pita wis rampung olehe maem, dheweke banjur nyapu latar.)
Sarampunge (Sarampunge padha guneman banjur
gawean mau dinile…)
Sabisa-bisane (Pita sing ora
pengin Ibune ngerti tingkahe Susan, sabisa-bisane
Pita nutupi amarga Susan menika kanca rakete Pita wiwit SD)
|