Assalamu’alaikum
warahmatullahi wa barakatuh. Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula hormati,
sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Ing saben
tanggal 10 November bangsa kita tansah mengeti dinten ageng, inggih punika
dinten Pahlawan.
Kados sampun ingkang kita semerepi sadaya, bilih rikala
tanggal 10 November 1945, ing kitha Surabaya wonten prastawa perang ageng ing
antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya ngusir
penjajah Walanda ingkang mbonceng tentara Sekutu (Inggris) lumarap ing tanah
Jawi. Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan kalajengaken rakyat wonten ing
dhaerah-dhaerah Indonesia sanesipun, ing salajengipun damel horeging donya,
ngantos Dewan Keamanan PBB (Perserikatan Bangsa-Bangsa) tumut campur tangan
ngengingi prastawa punika.
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para putra-putra mudha-mudhi
ingkang kula hormati. Ing pengetan punika kula mboten badhe njlentrehaken
sadaya prastawa ing tanggal 10 November 1945, ananging semangat perjuangan
pahlawan kangge nindakaken pejuangan ing babagan pembangunan.
Kanthi rahmating Pangeran Ingkang Murbeng Dumadi,
pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya. Kula mboten saged
nglalekaken mekaten kemawon pejuanganipun arek-arek Surabaya ingkang dipun
pandhegani dening panjenenganipun pejuang ageng, inggih punika Bung Tomo,
ingkang kanti sora tegas ngagungaken asmaning Pangeran: Allahu Akbar! Allahu Akbar! Allahu Akbar!
Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten ing jaja-jaja
bangsa Indonesia kangge mbangun negari Indonesia. Berjuang kanthi semboyan: sepi ing pamrih, rame ing gawe.
Kathah para pejuang ingkang handepani bantala mbela
bangsa lan negari. Kangge putra tuwin wayah ing tembe wingking. Pramila mangga sesarengan
kita lajengaken punapa ingkang dados pejuanganipun para pahlawan.
Ing salebeting kita merdika kita taksih berjuang.
Pejuangan ingkang mboten kangge merangi utawi ngusir penjajah, ananging kangge
merangi tuwin ngusir kemiskinan tuwin kebodohan.
Pramila mboten lepat tuwin mboten wonten awonipun kangge
kita sadaya kangge ngenget jasa para pahlawan. Kita ngeningaken cipta sekedhap
kange para pahlawan ingkang sampun gugur ing medan juang. Mugi-mugi amal tuwin
kesaenanipun para pahlawan katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha
Agung.
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para putra-putra mudha-mudhi
ingkang kula hormati. Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten
kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Mugi-mugi bangsa kita angsala taufik tuwin hidayah saking Gusi Ingkang Akarya
Jagad.
Billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.