Dilairake dadi putri mahkota ana ing kerajaan Panchala
kang subur lan makmur. Drupadi gedhe dadi putri kang ayu, bijak lan pinter.
Sifat iku kang gawe akeh kstriya pengin dadekake Drupadi dadi garwane. Ngerteni
kahanan iku Drupada ora rela yen putrine iku salah milih garwa, mula dheweke
arep ngadakake sayembara.
Nalika iku Dewi Kunti lan para Pandawa urip nyamar ana
ing Ekacakra, dheweke mireng kabar babagan sayembara kangge ngerebut Drupadi
dadi garwane. Para brahmana Ekacakra duweni rencana lunga ana ing Panchala
kangge nyaksikna pesta agung perayaan pernikahane putri mahkota Panchala, ana
ing acara iku para brahmana uga duweni harapan bisa olih akeh sedekah. Naluri
Dewi Kunti ngerti yen anak-anake satemene pengin melu sayembara iku uga, ning
dheweke ngerti yen anak-anake ora mungkin blaka ngomong ngeneni kepenginane kuwi.
Kanthi bijak, dheweke ngajak anak-anake supaya nyamar dadi brahmana lan melu nyaksikna
acara menika. Sesuke Pandawa mangkat marang Panchala karo para brahmana liyane.
Sauwise gutul ana ing kerajaan Panchala kang subur lan
makmur iku, Pandhawa numpang ana ing umahe tukang kendi. Panggung kangge
nikahan iku dihiasi kanti megah lan sekelilinge panggung iku wonten kathah
tenda-tenda kangge para tamu lan peserta sayembara kang arep liren istirahat.
Pesta perayaan kang arep dianakake sekawanwelas dina iku uwis nyiapake akeh
banget hiburan. Akeh banget pangeran kang gagah kang arep melu sayembara iku.
Putra-putra Destarata pada teka, Karna, Krishna, Sisupala, Jarasanda dan Salya
uga teka. Sorak-sorak penonton sayembara gemurune kaya dene swara ombak ana ing
segara. Saka arah istana arak-arakan megah kang gawa Drupadi keton, barisan
ngarep dhewe iku Dristayumna numpak gajah, ana ing burine Drupadi numpak
singgasana kang di gawe nang pundake gajah. Tekane Drupadi ana ing arena
sayembara iku gawe suasana makin gemuru. Nalika kidung-kidung suci dilantuna
para brahmana, tetabuhan gamelan mandeg. Lajeng Dristayumna nuntun Drupadi
tumuju tengah area sayembara, Dristayumna macakake peraturan sayembara. Peserta
sayembara bisa diomong menang lan bisa nikahi Drupadi yen bisa nglepasake lima
anak panah kanthi urutan ngelewati tengah-tengah roda cakra kang muter lan
panah-panah iku bisa ngenani sasaran.
Sayembara diwiwiti, para peserta sayembara nyoba
peruntungan piyambake. Ning busur lan panah iku abot banget. Akeh peserta kang
gagal, Sisula, Jarasanda, Salya lan Duryudana uga gagal ngangkat busur iku.
Nalika Karna maju tengah area sayembara, para penonton sorak-sorak ngira yen Karna
kang arep menangake sayembara iku. Ning anak panahe meleset sepucuk rambut,
sauwise anak panahe di tembakake, busure ucul saka tangane lan mencolot. Para
penonton mule ribut, ngomong yen sayembara iki terlalu abot lan ora mungkin ana
wong sing sanggup menangaken sayembara. Ora sue saka kedadean kue, teka seorang
brahmana muda mlaku kanthi tenang tumuju busur.
Brahmana muda iku yaiku Arjuna kang nyamar dadi
brahmana. Nalika Arjuna maju ana ing area, para penonton mule ribut. Golongan
brahmana pecah dadi loro, ana sing dukung Arjuna lan ana sing ora. Ning amarga
pawakane Arjuna kang kaya ksatriya liyane, akhire sauwise olih ijin melu
sayembara saka dristayumna, penonton mule sorak-sorak dukung brahmana muda iku.
Arjuna meneng sedela, nyuwun restu Sang Hyang Widhi. Arjuna ngangkat busure
kanthi gampang, dheweke masang lima anak panah iku ana ing tali busur. Lajeng,
tanpa jeda lan ragu dheweke nglepasake lima anak panah iku kanthi urutan lan
bisa ngluncur mlebu ngelewati roda cakra kang terus mubeng lan akhire bisa
ngenani sasaran. Sasaran iku tiba marang lemah. Para penonton sorak-sorak. Drupadi lajeng mlaku tumuju Arjuna lan ngalungake
karangan kembang marang Arjuna. Yudhistira, Nakula, Sadewa seneng banget
dheweke padha langsung bali marang omahe tukang kendi arep ngaweh kabar gembira
kuwi marang Dewi Kunti. Bima tetep ana ing kana kangge jaga-jaga mbok menawa
ana pangeran kang mbahayakake adine amarga ora puas marang hasil sayembara. Apa
kang Bima pikirake bener anane, para peserta sayembara padha amarah. Kisruhan
ora bisa dihindari, kanthi cermat Bima langsung nyelametake adine lan bareng Drupadi,
dheweke padha mbalik ana omahe tukang kendi. Weruh adine di gawa Arjuna, Dristayumna
ngetutake adine iku. Satekane ana kana, Dristayumna ngrasa legal lan seneng
amarga dheweke ngerti yen kue bener para Pandawa. Dheweke langsung bali marang
istana lan ngelaporake kedadean kuwi marang Drupada.
Drupada ngundang Dewi Kunti lan Pandawa marang istana.
Ana ing istana Pandawa ngakoni bahwa dheweke kuwi pancen Pandawa. Para Pandawa
nyampekake keputusane, yen Pandawa lima arep nikahi Drupadi. Drupada seneng lan
lega amarga sing menang sayembara iku Pandawa ning dheweke uga kaget lan kecewa
marang keputusan kan ora apik iku. Drupada kanthi teges nolak keputusan iku, kanthi
cepet yudhistira nerangaken babagan janji para pandhawa kang arep mbagi
sekabehane apa bae sing dheweke duweni. Mula para pandhawa ngaweh keputusan
kaya ngana. Bareng diterangake kanthi gamblang, akhire Drupada bisa nerima
keputusan iku lan pesta pernikahan agung menika langsung diankake kaliyan warga
panchala kanthi bungah.
0 komentar:
Posting Komentar