Wavy Tail


Rabu, 24 Desember 2014

Ruwatan Rambut Gimbal, Dicukur ing Candhi Arjuna, Dilarung ing Tlaga Warna



             Dina  kuwi   ewon   cacahe wong saka sawetara tlatah ing Jawa Tengah kaya-kaya tumpleg bleg ngebaki kom­pleks Candhi Arjuna, Desa Dieng Kulon, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjar­negara, Jawa Tengah. Ewonan wong mau kepengin nyekseni ruwatan cukur rambut gimbal kang digelar ing pungkasaning adicara “Dieng Culture Festival 2011” iki. Pesertane ana bocah 7, luwih sethithik manawa kabandhingake karo peserta ru­watan cukur rambut gimbal taun 2010, sing gunggunge nganti bocah 8. Iku laras karo saya sethithike gunggunge bocah rambut gimbal ing tlatah Dieng. Senadyan mangkono acarane ora kalah meriah, malah bisa diarani luwih nges. Sebab pengunjunge uga luwih akeh yen dibandhingake karo taun-taun sadurunge.
              Prosesi rituale cukup dawa lan suwe. Ritual dipurwani sedina sadurunge rambut dicukur, yaiku kanthi nyekar ana ing pesarean kang dumunung ana ing sakiwa tengene Candhi Arjuna lan Candhi Semar. Anggone nyekar ditindakake secara rombongan kang dipandhegani dening Pemangku Adat Dieng Mbah Naryono. Siji mbaka siji pesarean kang ana ing wewengkon kompleks Candhi Arjuna lan Candhi Semar ditekani, diziarahi. Ora mung kuwi, rombongane Mbah Naryono iku uga nekani papan-papan liya sing dianggep keramat wiwit saka Sendhang Maerokoco, Telaga Balekambang nganti tekan Kawah Candradimuka. Lagi ing dina H-ne, para peserta diarak 1 kilometer dohe, wiwit saka omahe pemangku adat tumuju Candhi Arjuna.
              Ananging sadurunge tekan candhi, luwih dhisik peserta di­ampirake ing sapinggire Sendhang Maerokoco lan Sendhang Sedayu. Ing kene para peserta ruwatan didusi banyu tuk pitu kang dumadi saka banyu tuk Sendhang Maerokoco, Bimo Lukar, Buana, Kencen, Sedayu lan liya-liyane. Ana uga wong kang nyebut ritual adus banyu tuk pitu kasebut kanthi sebutan adus jamasan. Ora baen-baen, adus banyu tuk pitu iku nduweni pangerten jero, yaiku dijupuk saka tembung pitu sing diartekake mi­nangka pituduh. Pituduh saka kang Maha Kuwasa.
              Ya sapungkure adus banyu tuk pitu kuwi, para peserta banjur diarak tumuju Candhi Arjuna kanggo nyukur rambut gimbale. Anggone nyukur dipapanake ana ing tlundhakan sangarepe lawang candhi. Sawise iku, diadani kembul bujana andra­wina, dhahar sakabehing uba rampe kang wis dicepakake ing papan kono. Prosesi ditutup kanthi nglarung cukuran rambut gimbal mau ing Tlaga Warna.Miturut Mbah Naryono, kang ora kalah wigatine saka prosesi ritual mau, yaiku barang tebusan panjaluke bocah rambut gimbal sing bakal diruwat lan dicukur. Barang panjaluke si bocah gimbal kudu luwih dhisik disembadani dening wong tuwane sakloron. Kanggo buktine, barange kudu melu digawa lan didelokake marang sok sapa wae sing melu teka ing papan kasebut. Barang kuwi kudu diwujudake lan disekseke marang para rawuh kalebu penonton sadurunge prosesi ritual diwiwiti. “Warga masyarakat kene yakin lan percaya, yen rambute si bocah gimbal bakal thukul maneh, manawa barang penjaluke si bocah ora dituruti. Malah bisa uga bocahe lara-lara­nen,” mangkono pratelane Mbah Naryono.
               Ngrembug perkara panjaluke si bocah rambut gimbal, biasane njaluk barang kang aneh-aneh. Maklum wae wong sing njaluk iku isih bocah cilik, kamangka ora kena diajani karo sing tuwa. Dadi panjaluke ya apa sing dadi kesenengane si bocah utawa apa kang ana ing pikirane si bocah wektu kuwi. Kaya ing acara ruwatan cukur rambut gimbal taun iki, saka bocah cacah pitu sing melu ruwatan, panjaluke bocah siji lan sijine beda-beda. Ana kang aneh, ana sing lucu lan uga ana kang ora tinemu nalar. Contone wae kaya sing dijaluk dening Naisila (4,5) arupa lenga rambut, bal bekel saka karet lan boneka. Peserta liyane Mutoharoh (6) njaluk tempe mentah cacahe 500 iji. Sing ora kalah anehe yaiku panjaluke Dewi Anjani (4), dheweke njaluk endhog 600 iji, tempe mateng 600 iji lan tahu mateng 500 iji. Peserta ruwatan liyane, Suaibatul Asiamiah (6) njaluk ditukokake sepedhah onthel werna jambon. Banjur Maroah (6) njaluk ditukokake anting-anting emas 1 gram, klambi muslim lan sandhal. Nurseli Selina (6) njaluk gesek lan pindhang gunggunge rong kranjang. Sawetara iku peserta sing pung­kasan Fajar (6) njaluk wedhus brengos lan tempe kemul 100 iji.
Description: http://www.panjebarsemangat.co.id/wp-content/uploads/2011/09/07-3-Sadurunge-dicukur-bocah-rambut-gimbal-cacah-7-mau-dilungguhake-jejer.jpg
Sadurunge dicukur bocah rambut gimbal cacah 7 mau dilungguhake jejer
Luwih adoh Mbah Naryono nerangake fenomena rambut gimbal iki mung dumadi ana ing ereng-ereng tlatah Gunung Sin­doro, Sumbing, Perahu, lan Gunung Rogo­jembangan. Gunung papat iku secara administratif lumebu tlatah Kabupaten Ban­jarnegara, Wonosobo, Batang lan Kabu­paten Kendal. Miturut Mbah Naryono, saka crita run tumurun ing tlatah ereng-erenge gunung papat mau, diyakini nganti kapan wae fenomena rambut gimbal mesthi bakal dumadi. Bocah-bocah rambut gimbal iku dipercaya dening warga masyarakat papan kono, mujudake titipan Anak Bajang saka segara kidul. Bocah-bocah rambut gimbal iku titisane Eyang Agung Kaladete (sing lanang-red) lan titisane Nini Dewi Rara Ronce (sing wedok-red). Bocah rambut gimbal miturut kapercayane masyarakat Dieng bakal nuwuhake memala, musibah apa dene kesialan. Mula bocah rambut gimbal kudu diruwat, dicukur rambut gim­bale kanthi laku lan ritual tartamtu. Wiwit saka ngajokake panjaluk, kang kudu di­turuti dening keluargane, dicepaki sesaji, didusi banyu tuk pitu lagi bisa dicukur lan kang pungkasan rambut gimbale dilarung ana ing Tlaga Warna.
             Mbah Naryono uga kandha, bocah ram­but gimbal ora bisa diprediksi sadurunge. Sebab bocah rambut gimbal umume ora thukul wiwit lair, ananging thukul nalika bocah wis ngancik umur 2 taun nganti teka­ne 3 taunan. Rata-rata anggone thukul dibarengi karo panas demam kang ora sabaene. Saben arep thukul rambut gim­bale si bocah ujug-ujug wae awake panas sumelet lan mriang sawetara dina. Kate­rangane Mbah Naryono mau uga dibener­ake dening Ahmad Said (32) wong tuwane Pangeran Gimbal Muhammad Alfarizi Massaid (8) sing seprene durung gelem dicukur iku. Miturut Said, Rizi (mangkono jeneng akrabe Si Pangeran Gimbal-red), nalika lair cenger nganti umur 2 taunan rambute thukul normal. “Ya wiwit Rizi umur 2 taunan kuwi sethithik mbaka sethithik rambute wiwit thukul gimbal. Prosese cukup suwe kok nganti bisa rata gimbal kaya saiki-iki,” mangkono pratelane Said. “Ujug-ujug wae ing sawijining dina Rizi ngalami panas dhuwur banget dibarengi karo kejang-kejang. Wektu semono aku lan sisihanku panik, Rizi banjur tak priksakake menyang dokter ing Puskesmas. Senadyan wis diwenehi obat nanging panase ora mudhun-mudhun. Isih tetep dibarengi kejang-kejang. Nganti tak gawa menyang dokter spesialis anak nanging ajeg Rizi awake panas semelet lan kejang-kejang,” imbuhe.
           “Anehe maneh saben awan panas se­melet, bengine kejang-kejang, esuke ram­bute wiwit thukul gimbal. Ngono sateruse nganti rambute Rizi gimbal kabeh. Kedade­yan kaya ngono mau dialami dening Rizi suwene nganti setaunan,” ujare Said. “Sawise ngerti saka para sesepuh ing tlatah Dieng nek panase si Rizi iku merga rambute arep gimbal, saben awake panas lan kejang-kejang ora tak obatke menyang dokter, sengaja tak jarake ngono wae. Saiki rambute wis rata gimbal kabeh, saengga ora tau kumat panas lan kejang-kejang maneh. Saiki malah awake sehat banget lan kendel. Ya merga gimbale rata kabeh sasirah mula dheweke banjur dijuluki dening wong-wong minangka Pangeran Gimbal. Sebab durung ana bocah sing gimbale rata kaya anakku, rata-rata mung saperangan cilik wae,” imbuhe.
           Pengalaman meh padha uga dialami dening Wahyono (30) wong tuwane bocah rambut gimbal Ahmad Rizal Lutfi (3,5). Nanging ora kaya Rizi, rambut gimbale mung thukul ana ing tengah sirah thok, ora rata sasirah. Saengga rambut liyane isih bisa disisiri. Rizal uga padha karo Rizi, miturut Wahyono wiwit gimbal rambute nalika umure ngancik 2 taun. Thukule uga dibarengi karo mriang, awake panas banget lan kejang-kejang. Mung anehe nek rambut gimbale kuwi nyoba dicukur, bisa dipesthekake bakal lara panas demam. “Aneh, yen aku utawa ibune nyoba nyisir rambut gimbale Rizal, bisa dipesthekake ora let suwe dheweke banjur mriyang, adhem panas. Aku uga ora ngerti kok nganti bisa kaya ngono kuwi, apa sebabe aku ora ngerti tenan. Malah ana wong njaban daerah sing tau aruh-aruh kok anakku rambute digawe gimbal, aku sakal nerangake yen anggone gimbal ora digawe, nanging thukul secara alami,” mangkono katrangane Wahyono.
            Nganti seprene fenomena bocah rambut gimbal ing laladan Gunung Sindoro, Sumbing, Perahu, lan Gunung Rogojembangan isih misterius. Artine durung ana asil panaliten lan kemajuan teknologi kang bisa miyak apa toh jan-jane mono, sing nyebabake bocah-boca kuwi mau rambute malih dadi gimbal secara alami. Ya merga misterius lan unik iku, saiki prosesi ritual ruwatan lan cukur rambut gimbal ing tlatah Dieng sarta sakiwa tengene mau, dadi tujuan wisata budaya sing narik. Acara iki pranyata uga bisa nyedhot tekane wisatawan luwih akeh menyang Dieng. Saengga wisata menyang Dieng ora mung nikmati candhi, tlaga lan kawah. Nanging uga bisa ndelok lumakune prosesi ritual ruwatan lan cukur rambut gimbal.Ramene wisatawan kang teka ing acara prosesi ritual ruwatan lan cukur rambut gimbal ing taun iki, diajab bisa nekakake wisatawan luwih akeh maneh menyang Dieng. Sebab, miturut Dinas Budaya lan Pariwisata (Dinbudpar) Kabupaten Banjarnegara Suyatno, keri-keri iki gunggunge wisatawan kang mlancong menyang Dieng mudhun drastis nganti 80 persen saka kahanan normale. Iku disebabake karana mundhake aktivitas Kawah Timbang awal Juni 2011 kepungkur.

Selasa, 23 Desember 2014

Tradhisi Pitonan



              Wiwit jaman kawuri, saben ana bocah dipitoni mesthi dirubung bocah akeh. Ing era global, tata upacara kasebut wiwit diowahi. Carane kabesut kajumbuhake ka­ro swasana, adat ing saben panggonan. Semono uga ing laladan Kabupaten Tu­lungagung. Nanging kang baku, tumrap wong Jawa yen duwe putra umur pitung lapan mesthi dipitoni.Upacara adat pitonan uga kinaran tedhak siti. Mungguh maknane, surasane ora liya, manungsa kuwi pancen isih ana hubungane, isih cedhak karo siti utawa lemah. Istilah Jawa mudhun menyang lemah. Dene yen ing Agama Islam wis di­sebutake yen manungsa mono, asale saka lemah, bakal bali menyang lemah (yen titiwancine puput yuswa).
               Tradhisi pitonan saiki wis jarang ba­nget. Wong pilih golek praktise lan irite. Bubar dipetri langsung didusi ana sumur, tanpa dianakake upacara adapt pitonan. Banjur dhenge dipitoni, uga akeh banget owah-owahane yen dibandhing jaman saiki. Ubarampe kanggo mitoni uga ora komplit. Apa maneh sing jenenge ayam panggang, endhog pitik kampung, cabuk katul, pelas, iwel-iwel, nagasari, lan pipis wis arang ana. Sing kalumrah saiki yen ana bocah dipitoni jajane roti sing diwa­dhahi kardhus, kaya jajan ulang taun. Dene mangane mung sega lawuh kentaki.
               Sabanjure pakulinan lek-lekan sewe­ngi natas uga wis luntur. Biyen, sadurunge dhenge upacara adat pitonan sorene ibu-ibu padha ibut nyiapake ubarampe kang­go pitonan. Ana sing ngenek-enek ripih, ana sing bungkusi iwel-iwel, nagasari, utawa pipis, sarta ubarampe liyane. Sabanjure dhenge upacara adapt pitonan, isih esuk uthuk-uthuk tangga teparo wis padha mara. Tekane ibu-ibu padha bu­wuh, dene tekane bapak-bapak lan bo­cah-bocah padha nekani undangan genduren. Ba­pak-bapak genduren ana jero omah, dene bocah-bocah genduren ana njaba omah. Apa maneh nalika jaman kawuri, tanpa  ndadak diundang bocah-bocah wis padha mara. Ora kaya jaman saiki, yen ora diundang bocah-bocah padha isin mara.
              Nanging tradhisi pi­tonan ing Desa Kaca­ngan, Kecamatan Ngu­nut, Kabupaten Tulung­agung nganti saiki isih dilestarikan. Tuladhane kaya kang mentas dia­nakake ing daleme Ki Suroso, SH durung suwe iki. Kang dipitoni yaiku putra wayahe, jenenge Gefanco Cahya Pratama. Dene sesepuh kang ka­patah jejibah mandhe­gani upacara pitonan Mbah Sura Pairin.Kang ngestreni upa­ca­ra adat pitonan ing da­leme Ki Suroso, SH dhek dina Minggu Pon, 19 Pe­bruari 2012 kepungkur uda­kara wong satus se­ketan. Kejaba diestreni tangga teparo lan kadang mitra uga dirawuhi tokoh-tokoh partai politik saka Kabupaten Tulungagung. Maklum, Ki Suroso uga ke­lebu priyatun kang ora baen-baen, sebab piyambake iku salah sawijining seniman lan tokoh politik kang ulet banget.
               Ing donyane seni piyambake salah sawijining pengendhang kang misuwur. Kejaba wis ngendhangi dhalang-dhalang kondhang uga wis kasil ngripta tembang. Tembang reriptane kang kondhang yaiku “Mars Aris Jaya” lan “Tulungagung Guyub Rukun”. Wondene ing donyane politik piyambake minangka Sekretarise salah sawijining partai politik ing Kabupaten Tulungagung. Mula ya ora nggumunake yen ing upacara adapt pitonan kasebut uga dirawuhi para politikus kang wis kawentar.
              Mapane upacara adat pitonan iku ana sakulone omah, papan kanggo ngedusi si bocah kang dipitoni. Dene kang nges­treni bocah-bocah, lan kang lenggah ing papan sacedhake kang nindakake pito­nan, priyatun kang dipercaya dening eyange dalah wong tuwane si bocah kang dipitoni.Sajen kang baku kang kudu ana ing upacara adat pitonan yaiku: bak isi banyu, topi janur, kurungan, jarit sido­mukti utawa sidaluhur, jadah werna pitu, andha saka tebu ireng, lan payung. Won­dene pro­sesine yaiku: upacara adat pito­nan bisa kawiwitan yen kabeh piranti wis cumawis ing papan upacara. Kejaba iku, kang kajibah uga wis samekta, lenggah ing papan upacara.
             Ana ing upacara iki sing baku paring pangerten bab adicara upacara adat pitonan kang pancen wis pasa banget karo perkembangane bocah, kang secara insting, si bocah kang wis ngancik umur pitu utawa wolung sasi wis kepingin tepung karo alam sakupenge. Wong tuwa kari nambahi, ndhidhik amrih si bocah saya ngerti marang apa kang kudu ditin­dakake, nurut nalurine sarta kabutuhane si bocah dhewe.Sabanjure, upacara adat pitonan ka­wiwitan sawise si bocah didusi. Banyune diwadhahi bak, diwenehi kembang seta­man, kembang werna lima. Iki ngemu karep, amrih si bocah bisa suci atine, nduweni budi kang luhur. Dene kembang setaman ngemu teges: Amrih si bocah bisa tansah manembah marang Gusti Allah. Bekti asih marang wong tuwo. Sujut marang pinesepuh, simbah, budhe pak­dhe, bulik paklik, lan sedulur tuwa. Ngur­mati marang kabeh pihak kulawarga. Sarta sumrambah, rumaket, nyumadulur marang sapa wae kang ana masyarakat/tangga lsp.
             Yen wis didusi, disalini penganggo anyar. Rampung kuwi banjur dicekeli cakar lan buku, sarta ditopeni nganggo topi janur. Cakar lan buku ngemu karep, amrih si bocah ing tembe mburi kejaba pinter anggone sekolah uga bisa ceker, pinter golek dhuwit. Topi janur ngemu teges, nur: cahya, kareben sorote cahya (srengenge) nyehatake bocah.Yen wis disalini, banjur dikurungi, dilungguhake sedhela ana kurungan. Nalika bocah ana kurungan, dening dhukune direngeng-rengengi nganggo donga, amrih slamet sateruse. Ana njero kurungan si bocah dicekeli pitik lan pithi isi dhuwit receh. Pitik ngemu karep, mbesuke menawa wis diwasa, si bocah tansah bisa urip,lan krasan ana ngendi-endi papan.
              Bubar kuwi, si bocah diwetokake saka kurungan, banjur diemban dening ibune nganggo jarit sidomukti, utawa sidoluhur. Kang maknane, bisa si bocah mbesuke bisa urip mukti, duwe drajad luhur, utawa kadunungan wahyu, uripe ayem tentrem bagya mulya.Bapake kang mayungi, ana mburine si ibu, kang kirap ngubengi kurungan, kaping pitu. Kang maknane, pancen menawa isih bocah durung diwasa, si bocah isih ana gendhongane ibu, pinayungan, diayomi de­ning bapa. Kang kabeh mau linambaran tresna asih kang tulus, njalari si bocah rumangsa ayem atine, rumang­sa entuk katresnan kang sejati saka wong tuwa.
              Wondene maknane ngube­ngi kurungan kaping pitu, mbe­suke menawa wis diwasa, si bocah mecaki panguripan kang­go nggayuh pepenginan, kudu wani rekasa. Paribasan ngube­ngi jagad, turut pinggire segara, liwat alas, munggah mudhun jurang paribasane, kudu gelem nampa kanthi ikhlas.Sarampunge ngubengi ku­rungan kaping pitu, diterusake adicara ngedum dhuwit receh marang bocah cilik-cilik kang melu ngestreni undangan Upa­cara Tedhak Siti. Iki ngandhut makna, amrih si bocah mbesuke duwe watak seneng sedhekah (sodakoh), loman, seneng te­tulung marang sapepadhaning tumitah.
               Bubar kuwi bocah diuculi sa­ka gendhongane ibune, banjur dening Mbah Dukune si bocah dituntun, dikongkon ngidak jadah werna pitu, abang, ijo, ireng, putih, kuning, bun­der-bunder ditata tharik-tharik nuju me­nyang andha saka tebu ireng kang ana pitung tlundhakan, disendhekake ana kursi. Menawa wis ngidaki jadah, bocah mau banjur diunggahake menyang andha mbaka sak tlundhag, nganti tekan pucuk, terus digendhong ibune. Mungguh mak­nane iki ora liya, kanggo nggayuh pepe­nginan nganti klakon nduweni kalung­guhan kang dhuwur, katekan sedyane, kudu wani nguwot ogal-agil, wani rekasa, gelem ngandhepi sandhungan apa wae, menawa si bocah mbesuke wis diwasa. Mula andhane dipilih tebu ireng, tebu: manteb ing kalbu. Tebu ireng ngemu teges, si bocah bisa nduweni jiwa kang tangguh, kuwat ngadhepi tantangan apa wae, tahan banting. Apa maneh yen si bocah mau lanang. Dene umbarampe kaya liyane, ana jajan pasar werna pitu, jenang abang, sengkala, tumpeng (bu­ceng), minangka pangajap amrih si bocah sateruse bisa slamet nir sambekala, tan­sah pinayungan dening Gusti Allah.
               Purnane adicara, sawise si bocah digen­dhong ibune tumuju omah, kairing bocah-bocah. Tekan ngarep omah dipa­pag lan digendhong dening bapake. Sabanjure dening bapake ditakoni, “Oleh-olehmu sekolah apa, Le?” merga si bocah durung bisa omong, banjur diwangsuli dening ibune, “Oleh-olehku sekolah ka­pinteran,Pak!”.

Senin, 22 Desember 2014

Cara Membuat Briket


MEMBUAT ADONAN BRIKET
1.    Limbah Kertas
a.    Limbah kertas direndam selama paling sedikit 8 jam, fungsinya untuk melunakkan kertas agar mudah hancur/halus (kebutuhan bahan sesuai dengan perbandingan).
b.    Masukkan ke dalam blender (berikut airnya) dan blender hingga halus (jangan terlalu halus)
c.    Peras bubur kertas hingga kandungan air sangat minim
2.    Limbah Daun Kering
a.    Daun kering dijemur agar diperoleh kondisi daun yang benar-benar kering
b.    Daun kering ditumbuk hingga hancur/halus (kebutuhan bahan sesuai dengan perbandingan)
c.    Ayak tumbukan daunkering, agar diperoleh ukuran yang merata (ayakan berukuran 0,85 mesh)
3.    Limbah Sekam Padi
a.    Sekam padi dijemur hingga kering
b.    Ditumbuk hingga hancur/halus (kebutuhan bahan sesuai dengan perbandingan)
c.    Ayak tumbukan sekam padi, agar diperoleh ukuran yang merata (ayakan berukuran 0,85 mesh)
4.    Kanji
a.    Larutkan kanji ke dalam air (ukuran air disesuaikan)
b.    Panaskan larutan kanji tersebut hingga mengental dan menyerupai lem.
5.    Campukan point 1 s/d 4, hingga merata
6.    Cetak campuran tersebut ke dalam cetakan.
MEMBUAT CETAKAN BRIKET
1.    Potongan peralon diameter 3 inchi (dim) sepanjang 7 cm atau 10 cm (sebagai cetakan briket)
2.    Potong tongkat diameter 2,5-5 cm sepanjang 30 cm. Tongkat ini digunakan sebagai penekan adonan briket yang telah dimasukkan ke dalam cetakan.
MEMBUAT BRIKET
1.    Isi cetakan briket dengan adonan briket hingga penuh
2.    Tekan/padatkan adonan briket tersebut sepadat-padatnya
3.    Keluarkan briket basah dari cetakan
4.    Jemur hingga kering (memerlukan waktu 2 – 4 hari, tergantung pada panasnya sinar matahari)

Sabtu, 20 Desember 2014

contoh lelayu dalam bahasa jawa



Wara-wara
LELAYU
Inalillahi wainailaihi rojiun
Sampun marak sowan wonten ngarsanipun Gustin Ingkang Maha Kuasa Eyang/Bapa kula :
Kasduri bin Atmaja
Puput yuswa 75 taun
Dinten : Minggu Kliwon,19 Juli 2014
Wanci : 11.00 WIB
Jalaran nandang gerah sak wetalis wekdal wonten griyo sakit dr. Moewardi Solo.
Dene layon badhe kasarekaken :
Dinten                         : Senin legi, 20 Juli 2014
Wanci              : 11.00 WIB
Wonten           : Astana Loyo Surakarta
Dumateng para sanak kadang, tanggi tepalih, mbok bilih suwargi kagungan kalepatan, mugi kersa pangaksama. Mugi-mugi sedaya amalipun tinampa pikantuk kaswargan langgeng. Amin.
            Salam Sari,20 Juli 2014
Ingkang nandang sungkawa
Dherek bela sungkawa:
1.   Dina   (adhi)
2.   Tono  (adhi)
3.   Para putra wayah almarhum